• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Kamis, 28 Maret 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nderek Tindak Lampahe Kanjeng Nabi

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nderek Tindak Lampahe Kanjeng Nabi
Khatib Jumat paring pesen takwo (Foto:NOJ/mediajabodetabek)
Khatib Jumat paring pesen takwo (Foto:NOJ/mediajabodetabek)

Khutbah Jumat meniko mertelaaken pentinge nderek tindak lampahipun Kanjeng Nabi ingkang dipun utus ndandani, nyempurnaaken akhlake menungso.


Sedoyo tindak lampah kados dene ngafiraken, nggelakno sesami sederek Islam kedah dipun tebihi, keranten mboten nate dipun contohaken Kanjeng Nabi,


Monggo ingkang ngersaaken teks khutbah saget dipun sebaraken kagem sinten kimawon.

 

Khutbah I

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِى وَفَّقَ عِبَادَهُ الْمُؤْمِنِيْنَ لِاَدَاءِ الْاَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً اَرْجُو بِهَا رَفِيعَ الدَّرَجَات. وَأَشْهَدُ اَنّ سَيِّدَ نَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  صَاحِبُ الْمُعْجِزَاتِ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أُولِى الْفَضَائِل وَالْكَرَامَاتِ


أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ. اِتَّقُوا اللهَ بِامْتِثَالِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَاجْتِنَابِ الْمَنْهِيَّاتِ. وَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوا يَوْمًا تُرْجَعُوْنَ فِيْهِ إِلَى اللهِ ثُمَّ تُوَفَّى كُلُّ نَفْسٍ مَا كَسَبَتْ وَهُمْ لاَ يُظْلَمُوْنَ


Hadirin Jamaah Jumat RahimakumulLah

Monggo kito sareng-sareng sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun wonten ing panggenan pundi kemawon, samar utawi terang, rame utawi sepi. Amergi kelawan takwo kito sedoyo bakal pikantuk kabegjan lan selamet dunyo akherat, dipun kempalaken kaliyan tiyang-tiyang ingkang nderek tindak lampahipun Kanjeng Nabi lan ngabekti dumateng perintahe Gusti Allah.


Gusti Allah dawuh:


قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ ٱللَّهَ فَٱتَّبِعُونِى يُحْبِبْكُمُ ٱللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَٱللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ


Artosipun: Ngucapo siro Muhammad, lamun siro kabeh demen Allah, podo ngenuto (nderek) siro kabeh marang ingsun, mongko Allah bakal demen marang siro kabeh lan bakal ngapuro duso siro kabeh, saktemene Allah Dzat kang akeh ngapuro tur welas asih. (Ali Imran:31)


Wonten tafsir Thabari dipun jelasake bilih ayat meniko tumurun nyifati kaum ingkang ngaku demen marang Pengerane. Lajeng Gusti Allah dawuh dumateng Kanjeng Nabi: lamun siro kabeh bener ingatase ucapan siro, mongko ngenuto siro kabeh marang ingsun, amergi niku pertondo benere ucapan siro.


Ayat meniko ugi negesaken pentinge nderek tindak lampahe Kanjeng Nabi, keranten dalane ngabekti dumateng Gusti Allah kedah dipun wiwiti saking nderek Kanjeng Nabi, nggih meniko ngelampahi pituduh ingkang sampun dipun serat wonten kitab hadits lan sak pitunggalane lajeng dipertelaaken kaliyan poro ulama.


Hadirin Ingkang Minulyo

Kedah kito mangertosi bilih Kanjeng Nabi dipun utus kaliyan Gusti Allah supados paring tupo tulodo sae, ndandani, nyempurnaaken akhlak menungso supados mboten kejlumprung ing dalan pepeteng. Gusti Allah dawuh:


وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا 


Artosipun: Lan nopo kimawon ingkang dipun perintahaken Rasulullah, mongko lampahono. Lan nopo kimawon ingkang dipun cegah, mongko adohono, tinggalno (Al-Hasyr: 7).


Tafsir Ibn Katsir mertelaaken kapan Kanjeng Nabi perintah nindaaken kebecikan, mongko inggal dipun laksanaaken. Lan kapan Kanjeng Nabi ngelarang saking perkawis awon, mongko inggal dipun tebihi.


Dawuh meniko estu penting sanget tumrap tiyang ingkang ngaku nderek, manut dumateng Kanjeng Nabi. Keranten jaman sakmangke katah tiyang ingkang nulayani dawuh lan remen nindaaken kemaksiatan, munkar, ngafiraken sedereke sesami muslim piyambak. Padahal lelampahan meniko mboten nate dipun contohaken Kanjeng Nabi babar pisan.


Setunggale hadits saking Jarir, saking Kanjeng Nabi:


قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ لَا يَرْحَمُ اللَّهُ مَنْ لَا يَرْحَمُ النَّاسَ


Artosipun: Kanjeng Nabi dawuh, sopo wonge ora welas marang menungso, mongko ora bakal dipun welasi Gusti Allah (HR. Bukhari).


Hadits niki ngimutaken dumateng kito sedoyo supados mboten nganiyoyo tiyang lintu, mboten gampil nyatru, musuhan. Keranten sifat welas asih niku setunggale tupo tulodo ingkang dipun lampahi Kanjeng Nabi. Pramilo, Kanjeng Nabi mboten nate nggelakno, ngelarani tiyang lintu sinaoso benten akidahe lan penemune.


Jamaah Ingkang dipun Welasi Gusti Allah

Wonten setunggal hadits ingkang saget dipun pundut maknone supados kito sedoyo mboten gampil ngelarani tiyang lintu, nggih meniko :


قَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ الْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ وَالْمُهَاجِرُ مَنْ هَجَرَ مَا نَهَى اللَّهُ عَنْهُ


Artosipun: Kanjeng Nabi dawuh, tiyang muslim niku tiyang ingkang nyelametaken umat Islam saking jembere lisan, lan tangane. Tiyang hijrah niku tiyang ingkang ninggal perkawis ingkang dilarang Gusti Allah. (HR. Bukhari)


Menopo lisan ingkang dipun serat rumiyen wonten hadits meniko? Mundut saking keterangan Fathul Bari dipun jelasaken, lumrahe lisan meniko dados kawitane sedoyo kejemberan kados dene rasan-rasan, ngapusi, gunem olo, fitnah. Pramilo dipun tegesake saking awal supados estu njagi ucapan, guneman kalih sinten kimawon.


Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan kekiatan saking Gusti Allah supados saget ngelampahi kesaenan ingkang sampun dipun tuduhaken Kanjeng Nabi lan nebihi sedoyo kejemberan, keawonan ingkang saget nyiderani, nganiyoyo tiyang lintu. Amiin.


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


Khutbah II:


اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ ,


أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ


اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Editor:

Khutbah Terbaru