• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Kamis, 25 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Buku Catetan Amale Tiyang Mukmin

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Buku Catetan Amale Tiyang Mukmin
Khatib Jumat paring wasiat takwo lan pesen ngelampahi kesaenan (Foto:NOJ/karomi)
Khatib Jumat paring wasiat takwo lan pesen ngelampahi kesaenan (Foto:NOJ/karomi)

Naskah khutbah meniko mertelaaken pentinge ngelampahi kesaenan, lan sregep ibadah dumateng Gusti Allah, kranten saben menungso mbenjeng dinten kiamat bakal dipun weruhaken buku catetan amale piyambak-piyambak.


Kados pundi tiyang-tiyang mukmin nalikane nompo buku catetan amale lan kados pundi tiyang-tiyang ingkar nalikane nompo buku catetan amale.

 

Khutbah I:


الْحَمْدُ لِلَّهِ الْفَارِجِ الْكُرُبَاتِ وَمُجِيبُ الدَّعَوَات وَمُضَاعِفِ الْحَسَنَاتِ وَغَافِرِ الْخَطَايَا وَالزَّلَّاتِ. أَحْمَدُهُ حَمْدًا يَمْلَأُ الْكَائِنَاتِ وَأَشْكُرُهُ عَلَى مَا أَوْلَاهُ مِنَ الْإِحْسَانِ وَالكَرَمَاتِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لا إله إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ فِي رُبُوبِيَّتِهِ وَاِلَهِيَّتِهِ وَكَذَلِكَ الْأَسْمَاءُ لَهُ وَالصَّفَات. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ السَّادَات وَالْهَادِي إِلَى سَبِيْلِ النَّجَاةِ وَالْمُحَذِّرُ مِنْ طُرُقِ الضَّلَالَاتِ وَالْهَلَكَات. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اُولِي الْفَضَائِلِ وَالْكَرَمَاتِ. صَلَاةً وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُتَعَاقِبَيْنِ بِتَعَاقُبِ الْأَوْقات 


أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

 


Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah


Monggo kito sami ningkataken takwa kito dumateng Gusti Allah kanti tansah nindakaken sedoyo perintahipun  soho nebihi sedoyo awisanipun. supados kito tansah pikantuk rahmat lan kabegjan saking ngersanipun Gusti Allah.


Shalawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluargo, lan sahabatipun ingkang sampun paring pitedah supados kito sedoyo saget dados tiyang muslim ingkang istiqomah ngabdi dumateng Gusti Allah lan cecekelan syariate Gusti Allah.


Gusti Allah sampun dawuh:


وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ


​​​​​​​Artosipun: Lan ingsun ora nyiptaaken Jin lan manungso kejobo supoyo deweke ibadah marang ingsun. (Q.S.Az-Dzâriyât: 56)


​​​​​​​Dawuh meniko penting sanget kito pahami, amergi kito sering supe saking kewajiban kito minongko dados kawulanipun Gusti Allah. Sering sanget kito nuruti howo nafsu lan kesenengan, nilar marang perkawis ingkang ndadosaken kito wilujeng, kito taseh sering ketungkul marang perkawis ingkang mboten manfaati. Kito ugi sering mengo saking tujuan kito dipun ciptaaken dining Gusti Allah, inggih puniko ibadah dumateng ngersanipun Gusti Allah.


Hadirin Ingkang Sami Minulyo


Kedah kito mangertosi bilih saben-saben obah (gerak) kito lan nopo-nopo ingkang wonten manah kito bade dipun itung. Saben-saben jangkah lan ucapan kito bakal dipun catet, soho buku catatan amal kito mboten bakal nilar setunggalipun perkawis sinaoso namung sekedik. Kados dawuhipun Gusti Allah:


وَوُضِعَ الْكِتَابُ فَتَرَى الْمُجْرِمِينَ مُشْفِقِينَ مِمَّا فِيهِ وَيَقُولُونَ يَا وَيْلَتَنَا مَالِ هَذَا الْكِتَابِ لَا يُغَادِرُ صَغِيرَةً وَلَا كَبِيرَةً إِلَّا أَحْصَاهَا وَوَجَدُوا مَا عَمِلُوا حَاضِرًا وَلَا يَظْلِمُ رَبُّكَ أَحَدًا


​​​​​​​Artosipun: Lan diselehaken kitab, banjur siro ningali wong-wong kang luput podo kaweden marang opo kang (ditulis) ono jerone, lan deweke bakal ngucap, "Duh ciloko ingsun, kitab opo iki kang ora ninggalaken perkoro kang cilik lan perkoro kang gede, kejobo kitab iki ngitung sekabehane. (Q.S. Al-Kahfi: 49)


​​​​​​​Wonten tafsir al-Misbah dipun jelasaken, nalikane kitab catetan amal sampun ditompo tangane piyambak-piyambak, tiyang-tiyang mukmin sami bungah, seneng ningali isi catetan amale, amergi katah kesaenane. Benten kaliyan tiyang-tiyang mboten iman, ingkang sami wedi ningali isi catetane, amergi katah keawonane. Banjur ngucap, duh dino iki dino kehancuran ingsun.


Hadirin Ingkang Dipun Rahmati Allah


Kapan maleh kito saget sadar saking sifat sembrono ingkang sampun kito lampahi lan kapan kito purun nindakaken perkawis ingkang manfaati kagem kito wonten akhirot. Sering sanget kito mirengaken nasehat ingkang sae, ananging sekedik mawon mboten dadosaken kito sadar.Kados-kados kito tiyang ingkang sampun pejah manahipun.​​​​​​​

​​​​​​​
Menawi kito mboten purun ndandosi nopo-nopo ingkang sampun kito tilar lan mboten purun nyiapaken amal ingkang sae, mongko kito bakal getun kanti getun ingkang mboten wonten telasipun. 


​​​​​​​Pramilo, monggo kito ningkataken takwa kito dumateng Gusti Alloh Swt lan kito ginaaken wekdal ingkang taseh wonten kagem ngamal kesaenan lan tobat, dipun isi kaliyan ibadah dumateng Gusti Allah, sakderengipun buku catatan amal kito dipun tutup kanti amal ingkang awon. 


​​​​​​​Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk pitulung saking Gusti Allah saget istiqomah ngelampahi kesaenan lan kecetet tiyang-tiyang ingkang mlebet suwargo sareng kaliyang Kanjeng Nabi Muhammad.

 

أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم: رَبِّ أَوْزِعْنِي أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَىٰ وَالِدَيَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ وَأَدْخِلْنِي بِرَحْمَتِكَ فِي عِبَادِكَ الصَّالِحِينَ


باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ


Khutbah II:


اَلْحَمْدُ  لِلَّهِ حَمْدًا  كَثِيْرًا  كَمَا  أَمَرَ.  أَشْهَدُ  أَنْ  لاَ  إِلَهَ  إِلاَّ  اللهُ  وَحْدَهُ  لاَ  شَرِيْكَ  لَهُ إِرْغَاماً  لِمَنْ  جَحَدَ  بِهِ  وَكَفَرَ.  وَأَشْهَدُ  أَنَّ  سَيِّدَنَا  مُحَمَّداً  عَبْدُهُ  وَرَسُوْلُهُ  سَيِّدُ  الخَلاَئِقِ  وَالْبَشَرْ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين


أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِىّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ


اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِينَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor:

Khutbah Terbaru