• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Jumat, 26 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nebihi Penggawe Ghibah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nebihi Penggawe Ghibah
Khatib menyampaikan materi khutbah (Foto:NOJ/mediacenterinhil)
Khatib menyampaikan materi khutbah (Foto:NOJ/mediacenterinhil)

Salah setunggale tondo ibadah dumateng Gusti Allah nggih meniko nebihi sedoyo laranganipun kados dene nebihi penggawe ghibah.


Ghibah saget dipun maknani penggawe ngerasani. Kito sedoyo dipun perintah supados nebihi penggawean meniko keranten saget nyebabaken pecah antawis sederek muslim.


Monggo teks khutbah niki saget dipun sebar lan didownload.

 

Khutbah I:


اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْاِسْلَامَ طَرِيْقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا. اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ
 لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا محمد وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ 


أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ 


Hadirin Jamaah Jumat RahimakumulLah


Monggo kito sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun ing panggenan pundi kemawon, jembar utawi sempit, samar utawi terang, rame utawi sepi. Amergi kelawan takwo kito sedoyo bakal pikantuk kabegjan lan selamet dunyo akherat, makempal kaliyan tiyang-tiyang ingkang salih lan mulyo kranten taat dumateng perintahe Gusti Allah.


Salah setunggalipun tindak lampah ingkang nuduhaken raos takwo kito dumateng Gusti Allah inggih puniko nebihi penggawe ghibah utawi rasan-rasan. Gusti Allah dawuh:


يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ


Artosipun: Hei wongkang podo iman, ngedohono siro kabeh saking penyono, saktemene setengah saking penyono iku duso, lan ojo niti-niti olone liyan lan sebagian siro ojo ngerasani marang liyan. Opotoh demen salah siji siro kabeh umpami mangan daging dulure dewe arupi batang? Tentu siro bakal geting. Wediyo siro kabeh marang Allah, saktemene Allah akeh nompo taubat tur welas asih (Al-Hujurat: 12)


Ayat meniko negesaken bilih tiyang mukmin kedah nilaraken penyono olo, uneg-uneg jember, ngerasani, keranten sedoyo niki duso, langkung-langkung ngerasani diumpamaaken kados tiyang ingkang mangan daging sedereke arupi batang. Menawi kedadosan mekaten, mongko inggal dipun lereni lan taubat.


Hadirin ingkang sami minulyo


Punopo ghibah dipun ibarataken mangan daging sedereke arupi batang? keranten penggawe ghibah saget ngerusak guyub, rukun lan kompak. Ghibah niku artosipun nyebut olone liyan ingkang digetingi nalikane sumerap. Bab niki dipun serat wonten kitab Sahih Muslim:


عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ رضي الله عنه أَنَّ رَسُولَ اَللَّهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: أَتَدْرُونَ مَا اَلْغِيبَةُ؟ قَالُوا: اَللَّهُ وَرَسُولُهُ أَعْلَمُ. قَالَ: ذِكْرُكَ أَخَاكَ بِمَا يَكْرَهُ 


Artosipun: Dipun riwayatake saking Abu Hurairah, saktemene Kanjeng Nabi dawuh: Opotoh siro ngerti arane ghibah?, poro sahabat njawab, Allah lan Rasule ingkang luweh ngertos. Kanjeng Nabi dawuh, ghibah iku nalikane siro nyebut sedulur kelawan perkoro kang piyambake ora demen.


قِيلَ: أَرَأَيْتَ إِنْ كَانَ فِي أَخِي مَا أَقُولُ؟ قَالَ: إِنْ كَانَ فِيهِ مَا تَقُولُ فَقَدْ اِغْتَبْتَهُ، وَإِنْ لَمْ يَكُنْ فَقَدْ بَهَتَّهُ


Dipun tangletaken Kanjeng Nabi, kados pundi pendapat panjenengan menawi ingkang ingsun sebut niku bener? Kanjeng Nabi njawab, lamun ingkang siro sebut iku bener, mongko siro wis ngerasani. Lamun ora bener, mongko siro ngapusi (HR. Muslim)


Hadis meniko sampun jelas bilih ngerasani niku penggawe ingkang jember, misale ngerasani sederek muslim ingkang nggadah kekirangan fisik, sifat, akal lan bondone. Penggawe mekaten meniko saget ngerisak tatanan rukun lan nyebabaken geting, bendune sederek.


Jamaah Jumat Ingkang Minulyo


Penggawe ngerasani ing jaman sakmangken soyo nguwatirake, keranten sampun dados kebiasaan tiyang wonten pundi kimawon, samar utawi terang, luweh-luweh wonten internet, youtube, facebook dados panggenan rasan-rasan. Akhire sedoyo tindak lampah ingkang sejatosipun saget dipun ginaaken amal kesaenan dados pepeteng lan reget amergi katahe duso ngerasani.


Sampun wancine kito sedoyo nebihi, ngelereni penggawe ngerasani, keranten niku sami kaliyan mbuka wirang lan aib sederek kito. Pramilo kito sedoyo kedah imut dawuh Kanjeng Nabi: 


مَنْ رَدَّ عَنْ عِرْضِ أَخِيْهِ رَدَّ اللهُ عَنْ وَجْهِهِ النَّارَ يَوْمَ القِيَامَةِ 


Artosipun: Sopo wonge mbelani keprawiran (kehormatan) sedereke, mongko Gusti Allah bakal mbelani piyambake saking neroko mbenjang ing dino Kiamat (HR. Tirmidzi)


Tegesipun sinten kimawon dipun printah Kanjeng Nabi supados njagi keprawiran (kehormatan) sederek muslim, nebihi rasan-rasan, mbelani kehormatan. Ananging menawi sederek niku ngelampahi penggawean inkang saget mbahayani tiyang lintu, nyiderani sederek lintu, mongko saget dipun laporake, menging sederek lintu lan saget dipun proses miturut aturan agomo utawi negoro kados dene pengawe korupsi, ngapusi tiyang katah lan sakpitunggalane.


Mugi-mugi kito sedoyo saget nebihi penggawe olo, ditebihaken saking ngerasani lan tansah dipun jagi kaliyan Gusti Allah saking sedoyo maksiat. Amiin


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


Khutbah II:


اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ


أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ


اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Editor:

Khutbah Terbaru