• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Kamis, 25 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dados Tiyang Sae Mungguhe Gusti Allah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dados Tiyang Sae Mungguhe Gusti Allah
Tiang cerdas lan sukses iku sing iso mbiji awake dewe, beramal kangge urip sakmarine mati. (Foto: NOJ/monitor.co.id)
Tiang cerdas lan sukses iku sing iso mbiji awake dewe, beramal kangge urip sakmarine mati. (Foto: NOJ/monitor.co.id)

Khutbah Pertama

 

الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِأَنْفُسِناَوَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِ الله ُفَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَمَنْ لَمْ يَجْعَلِ الله ُلَهُ نُوْرًا فَمَا لَهُ مِنْ نُوْرٍ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحُمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَاعْبُدُواْ اللّهَ وَلاَ تُشْرِكُواْ بِهِ شَيْئاً وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَاناً وَبِذِي الْقُرْبَى وَالْيَتَامَى وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالجَنبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ إِنَّ اللّهَ لاَ يُحِبُّ مَن كَانَ مُخْتَالاً فَخُوراً

 

Jamaah ingkang Dirahmati Allah
Monggo sami takwa dumateng Gusti Allah kelawan nindakaken perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun. Mboten kesupen syukur dumateng Gusti Allah kito aturaken kelawan ngucapaken alhamdulillah keranten siang meniko kito sedoyo saget makempal wonten panggenan lan dinten ingkang minulyo.  Mugi tambah dinten takwa lan syukur kito dumateng Allah tambah langkung sahe sahinggo kito ngelampahi perintah lan nebihi awisanipun Gusti Allah didasari ikhlas lan syukur.

Alhamdulillah siang niki kito tasih diparingi kesehatan lan kesempatan sehinggo purun dugeni panggilan shalat Jumat berjamaah. Saben dinten Jumat, khatib bola-bali ngimutaken kito supoyo nambahi takwa dumateng Gusti Allah. Mugi ketakwaan kito saben dinten, saben ambekan langkung sae, amin. 
 

Jamaah Jumat ingkang Minulyo​​​​​​​
Sampun kito ngertos sedaya bilih sakmangke sampun mlebet kalender 2022, yuswo soyo entek. Artine menawi diparingi yuswo ingkang panjang, kito bade mlebet dinten-dinten khusus teng tahun niki. Kelawan tambahan umur niki, monggo ngimut pesenipun Sayyidina Ali karramallahu wajhah ingkang wonten teng kitab Nashaihul Ibad karya Ibnu Hajar al-Asqalani:

 

 كُنْ عِنْدَ اللهِ خَيْرَ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّفْسِ شَرَّ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّاسِ رَجُلاً مِنَ النَّاسِ 
 

Artosipun: Dadiyo awakmu wong paling apik miturut Allah, lan dadiyo menungso paling elek menurut awakmu dewe, lan dadiyo menungso biasa menurut wong liyo.. 
 

Pesen niki penting sanget kangge kito ingkang tasih diparingi umur kangge mlebet tahun baru lan dinten lintunipun supados terus berusaha manggihi kebahagiaan dunyo ugi akhirat. Terus nopo ingkang kedah kito siapaken menawi umur ngantos 2022 mangke?
 

Wonten tigo perkoro ingkang kedah dicawisake, nggih meniko; Sepindah. Kito kedah terus ningkatake ketakwaan lan amal sae miturut Allah subhanahu wata‘ala. Jalanaken perintah ugi berusaha sekuat tenaga ngadoh utawi nyegah saking pantangan utawi larangan tuntunan agama. Kelawan mekaten kito termasuk tiyang ingkang sae miturut Allah.
 

Kaping kalih, kito kedah rumaos bilih amal sae kito, kebagusan kito niku kurang, sahinggo kito terus berusaha nambahi amal sae. Awak dewe kok kurang serawung kalian tonggo, sering mbujuki konco, malah enten ingkang mboten akur kalian tonggo ugi dulur. Mulai detik niki sakmantune jumatan niki awak dewe kedah anggadahi tekad langkung sae berakhlak arupi nyuwun ngapuro marang  tiang sepah kito, ngapiki dateng tetanggi kiwo tengen, sowan lan nyuwun ridhanipun guru-guru kito. Semanten ugi kedah ninggalaken kelakoan elek ingkang sering kito lakoni saben dinten. Kados penggawean mbujuk marang tiyang sepah, moro sepah, lan sinten kemawon ingkang sering kito larani sedaya wajib kito tinggalake.
 

Kaping tigo, Kito kedah nggadah rumaos paling ino teng ngajeng tiang sanes. Naliko kepanggih tiyang ingkang langkung sepuh kito takdzim, ugi dumateng tiyang ingkang langkung enem tetep hormat, lan nggulo wentah awak dewe niko biasa-biasa mawon, mboten wonten ingkang kedah kito unggulaken menopo malih urusan dunyo.
 

Jamaah Jumat ingkang Minulyo​​​​​​​​​​​​​​
Ing salah setunggal kesempatan, Syekh Abdul Qadir al-Jailani maringi kito cara ingkang gampang lan saget kito damel naliko gesang wonten alam dunyo.

Sepindah, menawi ningali utawi kepanggih tiyang sanes, kito posisikan awak kito niki luweh ino tenimbang tiyang niku. Senahoso umpami kito ahli ibadah, seregep jamaah, mempeng ngaji Al-Qur’an, sering sedekah lan amalan sae lintune terus anggadahi pemanggih, oh wong liyo pasti ijek enek sing luwih salih lan seregep tinimbang awak dewe. 
 

Kaping kalih. Menawi ningali lare alit, kito kedah anggadahi pikiran: oh...bocah kuwi luweh enom tinimbang awak dewe, tentu dusone lan kelakoan eleke luwih titik dibandingaken awak dewe. Kosok wangsulipun naliko ningali konco, guru, rencang ingkang langkuh sepuh kedah ditanamaken teng dodo: oh.. wong tuwo iku tentu amal kesaenan luweh akeh ketimbang kito. ​​​​​​​
 

Kaping tigo, naliko manggihi tiyang alim, ulama, tiang ahli agomo kedah ngrentek sae: oh, wong ngene iki pasti amale dilandasi kalian ilmu. Semanten ugi menawi manggihi tiyang ingkang kirang berilmu utawi langkung bodoh tinimbang awak dewe, mongko kito ngucap: wong iki ngelakoni kesalahan pasti kerono mboten ngerti, ngelakoni amal ibadah mboten dilandasi ilmu ingkang sakmestinipun.
 

Pramilo coro-coro meniko ingkang saget kito lampahi menawi tasih diparingi kesempatan kaliyan Allah wonten lebeting tahun 2022. Krono mbiji awak dewe luweh elek tinimbang tiyang sanes niku langkung sae tenimbang awak dewe gumedhe lan takabbur bandingaken kelawan tiyang sanes. 
 

Terakhir, Kanjeng Nabi dawuh:
 

عَنْ شَدَّادِ بْنِ أَوْسٍ، قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: " الْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ، وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ، وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا، ‌وَتَمَنَّى ‌عَلَى ‌اللهِ (رواه أحمد)
 

Artosipun: Tiyang cerdas lan sukses iku sing iso mbiji awake dewe, beramal kangge urip sakmarine mati. Lan sing diarani wong lemah yoiku sing nuruti hawa nafsune lan kakean tuntutan marang Allah.(HR Ahmad).
 

Mugi kelawan coro-coro ingkang dipun wedar kaliyan Syekh Abdul Qadir meniko kito pinaringan gampil ngelampahi gesang wonten dunyo, pinaringan yuswo ingkang sae lan selamet kangge ngisi urip teng alam dunyo meniko. Mugi urip kito barokah, manfaati dateng kito lan keluarga, ugi masyarakat sekitar kito, sahinggo dados sangu naliko ngadep dateng gusti pangeran, amin ya rabbal alamin.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ  وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ
وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

Khutbah Kalih
 

اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ , أَمَّا بَعْدُ: فَيَا َعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

   
عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Khutbah Terbaru