• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Kamis, 25 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ibadahe Tiyang Miskin Ngungkuli Tiyang Sugih

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ibadahe Tiyang Miskin Ngungkuli Tiyang Sugih
Poro sahabat jaman rumiyin, sing diireni mboten keranten tanggine sugih mergo saghet tumbas perabotan lan lintunipun. (Foto: NOJ/Faktualnews.co)
Poro sahabat jaman rumiyin, sing diireni mboten keranten tanggine sugih mergo saghet tumbas perabotan lan lintunipun. (Foto: NOJ/Faktualnews.co)

Khutbah Pertama


الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِأَنْفُسِناَوَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِ الله ُفَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَمَنْ لَمْ يَجْعَلِ الله ُلَهُ نُوْرًا فَمَا لَهُ مِنْ نُوْرٍ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحُمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَاعْبُدُواْ اللّهَ وَلاَ تُشْرِكُواْ بِهِ شَيْئاً وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَاناً وَبِذِي الْقُرْبَى وَالْيَتَامَى وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالجَنبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ إِنَّ اللّهَ لاَ يُحِبُّ مَن كَانَ مُخْتَالاً فَخُوراً

 

Jamaah Ingkang Dirahmati Allah 
Langkung rumiyin monggo sami syukur dumateng Allah kelawan ngucapaken alhamdulillah keranten siang meniko takwa diparingaken dumateng kito sedoyo. Kelawan takwallah menikolah kito purun ninggalaken pendamelan ingkang dadhos penghasilan kito. Sedoyo kito tinggal keranten shalat Jumat meniko minongko kewajiban ingkang kedah kito laksanaaken. Mugi tambah dinten takwa kito dumateng Allah terus langkung sahe sahinggo kito purun ngelampahi perintah lan nebbihi awisanipun.
 

Kito yakin menawi ajrih dumateng Allah sampun dados kepribadian, mongko sedoyo kebutuhan kita bade dicukupi. Rejeki kito bade ditambah. Meniko janji Gusti Pangeran dumateng kito, milo monggo kito yakin Ing surat at-Thalaq ayat 2, Allah sampun berfirman:


وَمَن يَتَّقِ ٱللَّهَ يَجْعَل لَّهُۥ مَخْرَجًا


Artosipun: Sopo wonge takwa marang Gusti Allah, mongko Allah bakal maringi dalan (solusi). 
 

Jamaah ingkang Sami Bahagio
Naliko mlebet dinten Jumat, kito sedoyo semerap bilih roto-roto takmir Masjid ngumumaken hasil kas dateng poro jamaah. Alhamdulillah, di antara jamaah Jumat masjid mriki ingkang diparingi rejeki arto purun sedekah dateng masjid mriki. Malah kadang enten tambahan saking sebagian jamaah nyumbang 1 juta, 2 juta malah lebbih. Naliko zaman sepi akibat Corona meniko, kito tentu gawok kaliyan tiyang-tiyang ingkang purun nyumbang dateng masjid lan perjuangan agami. Nyambut gawe zaman sakniki angele naudzubillah. Ingkang sampun kerjo, kadang di-PHK, sing tasih kerjo, kadang bayarane ditunda.
 

Kito tentu iri, kapan saget niru tiyang-tiyang sugih ingkang loman meniko. Sampun ibadahe mempeng, jamaahe mboten telat, ajeg siyam Senin Kamis lan tahajjud, saben waktu mahos Al-Qur’an malah ngantos hafal, kok tasih loman.
 

Menawi panjenengan lan kito sedoyo anggadahi perasaan mekaten, sami kaliyan ingkang sampun ditangletaken para sahabat dateng kanjeng Nabi.  Cerito meniko wonten ing hadits Sahih Muslim.
 

Setunggal wekdal, tiyang miskin sareng-sareng ngadep dateng Rasulullah SAW. Tiyang-tiyang meniko bade wadul utawi protes. Ananging ingkang diprotes mboten masalah angelipun padhos rejeki, kekurangan, ingkang bade diteddho kalian keluarga, utang ingkang mboten saghet dilunasi, malah kemungkinan tambah dangu tambah kathah. Meniko teks haditse:
 


انَّ نَاسًا مِنْ أَصْحَابِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالُوا لِلنَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: يَا رَسُولَ اللهِ، ذَهَبَ أَهْلُ الدُّثُورِ بِالْأُجُورِ، يُصَلُّونَ كَمَا نُصَلِّي، وَيَصُومُونَ كَمَا نَصُومُ، وَيَتَصَدَّقُونَ بِفُضُولِ أَمْوَالِهِمْ، قَالَ: " أَوَلَيْسَ قَدْ جَعَلَ اللهُ لَكُمْ مَا تَصَّدَّقُونَ؟ إِنَّ بِكُلِّ تَسْبِيحَةٍ صَدَقَةً، وَكُلِّ تَكْبِيرَةٍ صَدَقَةً، وَكُلِّ تَحْمِيدَةٍ صَدَقَةً، وَكُلِّ تَهْلِيلَةٍ صَدَقَةً، وَأَمْرٌ بِالْمَعْرُوفِ صَدَقَةٌ، وَنَهْيٌ عَنْ مُنْكَرٍ صَدَقَةٌ، وَفِي بُضْعِ أَحَدِكُمْ صَدَقَةٌ، قَالُوا: يَا رَسُولَ اللهِ، أَيَأتِي أَحَدُنَا شَهْوَتَهُ وَيَكُونُ لَهُ فِيهَا أَجْرٌ؟ قَالَ: «أَرَأَيْتُمْ لَوْ وَضَعَهَا فِي حَرَامٍ أَكَانَ عَلَيْهِ فِيهَا وِزْرٌ؟ فَكَذَلِكَ إِذَا وَضَعَهَا فِي الْحَلَالِ كَانَ لَهُ أَجْر

Artosipun: "Poro sohabat matur dateng kanjeng Nabi, Duh Kanjeng Nabi, Tiyang-tiyang sugih sampun mborong sedoyo amal kebagusan lan derajat ingkang inggil miturut Allah SWT,” sambat sahabat ingkang dados juru bicara. Rasulullah tanglet: "Kenopo kok ngunu?" Setunggale sohabat miskin meniko njawab: "Tiyang ingkang diparingi kecukupan bondo meniko shalat kadhos kito. Poro aghniya’ meniko ugi jihad, sami kale jihad ingkang kito lakoni. Ananging poro tiyang sugih meniko saghet sedekah lan infak keranten gadhah arto luwih.
 

Kanjeng Nabi dawuh: opo toh durung dadiake Gusti Allah marang siro kabeh amalan sing isok digawe sodaqoh? saktemene saben moco tasbih iku sodaqoh, moco takbir iku sodaqoh, moco tahmid iku sodaqoh, moco tahlil iku sodaqoh, nyegah kemungkaran iku sodaqoh, lan saben farji bojo siro iku sodaqoh. Poro sohabat matur : pripun menawi salah setunggale kito nyalurno syahwat (marang bojo) nopo angsal ganjaran?, Kanjeng dawuh: koyo opo pendapat siro yen nyalurno syahwat marang barang haram, opo oleh duso? sakmunu ugo yen disaluno marang barang halal, mongko bakal oleh ganjaran."
 

Pramilo poro sahabat saking golongan fuqara’ wal masakin meniko sambat keranten iri dumateng sahabat lintu ingkang langkung sugih. Kinging punopo iri? Keranten menawi wonten perintah agami, poro tiyang sugih meniko akas, maringaken arto kangge perjuangan nginggilaken kalimat utawi agama Islam, lii’lai kalimatillah.
 

Jamaah Jumat Ingkang Bahagio
Menikolah poro sahabat jaman rumiyin, sing diireni mboten keranten tanggine sugih mergo saghet tumbas perabotan lan lintunipun. Ingkang diprotes amergi persaingan ing amal utawi kebagusan.Tiyang fakir meniko saghet sami kaliyan tiyang sugih ing dalem amal saleh kadhos shalat, shiyam, jihad dan sejenisipun. Ananging tiyang mampu saghet ngungguli ing dalem amalan-amalan ingkang betahaken arto kadhos; zakat, sedekah, bantu tiyang kurang mampu lan lintunipun. Para sahabat ingkang miskin mboten terami ningali kenyataan meniko.
 

Naliko mirengaken sambatipun poro sahabat fakir meniko Rasulullah SAW banjur maringi kabar lanjutan bilih wonten amalan menawi poro fakir saghet ngelampahi kelawan ajeg, mongko saghet madani, malah nyalip utawi ngungguli saking sahabat sugih. Hadits meniko lanjutan saking sakderenge, Rasulullah dawuh: 
 

قَالَ « أَلاَ أُحَدِّثُكُمْ بِأَمْرٍ إِنْ أَخَذْتُمْ بِهِ أَدْرَكْتُمْ مَنْ سَبَقَكُمْ وَلَمْ يُدْرِكْكُمْ أَحَدٌ بَعْدَكُمْ ، وَكُنْتُمْ خَيْرَ مَنْ أَنْتُمْ بَيْنَ ظَهْرَانَيْهِ ، إِلاَّ مَنْ عَمِلَ مِثْلَهُ تُسَبِّحُونَ وَتَحْمَدُونَ ، وَتُكَبِّرُونَ خَلْفَ كُلِّ صَلاَةٍ ثَلاَثًا وَثَلاَثِينَ » . فَاخْتَلَفْنَا بَيْنَنَا فَقَالَ بَعْضُنَا نُسَبِّحُ ثَلاَثًا وَثَلاَثِينَ ، وَنَحْمَدُ ثَلاَثًا وَثَلاَثِينَ ، وَنُكَبِّرُ أَرْبَعًا وَثَلاَثِينَ . فَرَجَعْتُ إِلَيْهِ فَقَالَ « تَقُولُ سُبْحَانَ اللَّهِ ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ ، وَاللَّهُ أَكْبَرُ ، حَتَّى يَكُونَ مِنْهُنَّ كُلِّهِنَّ ثَلاَثًا وَثَلاَثِينَ

 

Artosipun: Opo siro kabeh gelem tak wehi amalan yen umpomo siro kabeh, ngelakoni mongko iso madani lan ngungguli wong-wong sak durunge lan wong sak marine siro kabeh?. “Purun kanjeng Nabi”, jawab poro sahabat miskin meniko. "Siro kabeh mocoho tasbih (artosipun mahos subhanallah), lan tahmid (inggih mahos alhamdulillah) dan takbir (maksudipun mahos kalimat Allahu akbar) tiap sak marine shalat fardhu akehe ping 33 (ing riwayat lintu disebataken kapeng 10)."

 

Akhiripun poro sahabat fakir meniko wangsul kelawan bungah. Ing atine marem keranten kelawan istiqomah mahos subhanallah, alhamdulillah lan allahu akbar sak mantunipun shalat fardhu, ternyata saghet ngungguli amalipun sahabat ingkang sugih. 
 

Hadits meniko ngimutaken dumateng kito sedoyo bilih senahoso awak kito termasuk tiyang fakir lan miskin. Mboten wonten arto ingkang badhe didamanel berjuang, tapi kedah tetep istiqomah mahos kalimah thayyibah kadhos ingkang sampun diajaraken baginda Rasul. Mboten wonten alasan, aku lak miskin, yo wis ngini wahe gak usah lapo-lapo.
 

Allah sampun garisaken bilih teng dunyo meniko wonten tiyang ingkang ditakdiraken sugih lan cukup ing dalem urusan duniawi. Kerjo kedhik, sampun hasil. Ikhtiar utawi usaha mboten ngantos soro, eh ternyata koyonipun lumayan. Tapi mboten sekedik sederek kito ingkang sampun berusaha sekuat tenaga, malah ngantos padhos utangan teng tanggi, teng sederek lan bank, tapi hasilipun dereng sesuai harapan.
 

Milo ing kesempatan ingkang sahe meniko, monggo sami-sami imut, iling supados istiqomah wiridan, mahos subhanallah, alhamdulillah lan allahu akbar naliko mantun shalat. 
 

Jamaah Jumat Ingkang Minulya
Kito kedah bersyukur, poro ulama sampun ngerangkai wiridan mantun shalat meniko kadhos ingkang sampun kito lampahi. Tapi pangapunten, kebiasan lan kesempatan maos subhanallah, alhamdulillah, allahu akbar kaping 10 utawi 33 meniko langkung gampil menawi kito lampahi kelawan shalat berjamaah. Keranten mboten sekedik menawi shalat piyambak mboten sempat wiridan senahoso sakantawis. Milo ing kesempatan ingkang sahe meniko kaulo ngajak dateng awak lan jamaah ingkang berbahagia, monggo sami rawuh dateng masjid utawi mushalla kangge ngelaksanaaken shalat jamaah gangsal wekdal. Kito ngelaksanaaken anjuranipun kanjeng Nabi meniko kelawan manut imam, termasuk dungonipun. 
 

Terakhir, menawi saghet inggih ditambahi kaliyan amalan ingkang dipesenaken KH Husein Ilyas, Karangnongko. Bilih sakmantunipun shalat maos surat al-Fatihah kangge sedoyo anggota keluarga. Setunggal-setunggal keluarga kito kirimi fatihah. Bojo, anak, mantu, besan dikirimi fahihah. Keranten kelawan amalan niki insyaallah keluarga kito dijagi kalian Allah sedino sewengi 24 jam non-stop. Mugi kelawan khutbah singkat niki, jamaah ingkang kurang mampu secara bondo monggo nyempataken maoh subhanallah, alhamdulillah lan allahuakbar kaping 10 ngantos 33 kersane saghet ngungguli ibadah tiang sugih ingkang luman. Lan monggo kito nyuwun dateng gusti pengeran supadhos jagi keluarga kito saking keadaan zaman ingkang mboten karu-karuan meniko kelawan waosan alfatihah. Lan mugi Allah SWT kerso jagi kito lan keluarga saking azab neroko, amin.
 

Khutbah Kalih


اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى


بسم الله الرحمن الرحيم اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ
الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ


اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ


Khutbah Terbaru