• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Rabu, 24 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Nebihi Duso Batin

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Nebihi Duso Batin
Jamaah Jumat khusuk nyimak khutbah saking khatib (Foto: NOJ/gbk.id)
Jamaah Jumat khusuk nyimak khutbah saking khatib (Foto: NOJ/gbk.id)

Menungso gesang teng dunyo mboten saget lebaran saking duso, antawisipun duso ingkang kudu  diperhatikan nggih meniko duso batin, kranten duso batin saget ngerusak lahir batin sinten kimawon.

 

Monggo naskah khutbah Jumat meniko dipun diunduh, dicetak lewat logo print damel materi khutbah Jumat wonten kampung.

 

Khutbah I


اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي أَصْلَحَ الضَّمَائِرَ ، وَنَقَّى السَّرَائِرَ ، فَهَدى الْقَلْبَ الْحَائِرَ اِلَى طَرِيْقِ أَوْلَى الْبَصَائِرَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الْعِزَّة وَالْبَصِيْرِ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه نَبِيُّ الْمُصْطَفَى الْفَقِيْر ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحمَّدٍ خَاتَمِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ

أمَّا بَعْدُ فيا أيها الحاضرون رحكُمُ الله ، أُوْصِيْكُمْ وَإيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فاَزَ الْمُتَّقُوْنَ قال تعالى : يا أيها الذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن

 

Hadirin jamaah Jum’at rahimakumullah
 

Monggo kito sami muji syukur dateng Gusti Allah swt kranten rahmat lan nikmat ingkang sampun kito tompo kados dene arupi kesehatan, kesarasan lan kabegjan. Kulo ngajak dumateng kulo piyambak, ugi dateng panjenengan sedaya sami ajreh dumateng Gusti Allah kanti nindaaken sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun.
 

Menungso gesang wonten dunyo meniko mboten saget tebih saking tumindak maksiyat ingkang nyebabaken duso, amargi menungso dipun dadeaken kaliyan Gusti Allah dados makhluk ingkang nggadah luput, ino, lemah. Sinaoso mekaten, ikhtiar nebihi perkawis ingkang nyebabi duso kedah estu dilaksanakaken. Gusti Allah sampun dawuh:
 

وَذَرُوْا ظَاهِرَ الْاِثْمِ وَبَاطِنَهٗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْسِبُوْنَ الْاِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوْا يَقْتَرِفُوْنَ
 

Artosipun: Lan pada tinggalno sakabehane tumindak duso, sing katon apa ora. Saktemene wong kang ninda’ake tumindak duso sesok ono dino kiyamat bakal oleh walesan amarga tumindak duso  (surat al-An’am 120)
 

Dawuhipun gusti Allah meniko ngimutake kita sedoyo bilih sejatosipun duso ingkang dumawah dateng manungso wonten kalih. Kekalihipun sami bahayani lan wajib ditebihi. Inggih menika: dosa ingkang dzohir (ketingal) lan batin (mboten ketingal).
 

Maksud duso dzohir meniko wujude jelas, saget dipun pirsane kaliyan peningal utawi mirengaken kaliyan kuping kita. Misal, omben-omben ingkang mendemi, judi, zina,  mateni tiyang lan sak pitunggalane. Lajeng maksude duso batin meniko wujude mboten jelas, mboten ketingal mripat, kadose dene sombong, ujub, riyak, ghibah lan lintu lintunipun.
 

Hadirin ingkang sami bahagio
 

Kedah kito mangertosi bilih katah tiyang ingkang dereng sadar lan dereng saged nyegah tumindak duso. Tasih katah sederek kito ingkang dereng saget nyegah nginum sajeng arak lan sejenisipun, ugi dereng saged njogo manahipun saking tumindak maksiyat (duroko). Katah sederek muslim ingkang tasih gumede, kemlelet, pamer, ngeremehaken tiyang sanes. Mila leres menawi para alim dawuhaken bilih duso batin meniko langkung angel kita tebihi tinimbang dosa dzahir, sinaoso kekalihipun penting sanget dipun resiki.
 

Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:
 

أَلَا إِنَّ فِي الجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الجَسَدُ كُلُّهُ؛ أَلَا وَهِيَ القَلْبُ
 

Artosipun: Weruho siro sak temene ono ing jerone awak iki ono getih sak kepel, nalika getih iku bagus mongko bakal bagus sak awak kojor, naliko getih itu olo mongka dadi olo sak awak kojur. Ngertenono yento getih sak kempel iku sing di arani manah/ati.
 

Hadits meniko mertelaaken bilih ingkang dadosaken sae utawi rusake poro manungso meniko manah/ati ingkang ketutup kaliyan tindak lampah maksiyat. Naliko ati rusak, otomatis jasad nggih inggal rusak. Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:
 

إِنَّ اللَّهَ لاَ يَنْظُرُ إِلَى صُوَرِكُمْ وَأَمْوَالِكُمْ وَلَكِنْ يَنْظُرُ إِلَى قُلُوبِكُمْ وَأَعْمَالِكُمْ
 

Artosipun: Sak temene gusti Allah ora bakal mirsani marang bentuke fisik lan dudu bondo siro kabeh, Allah bakal mirsani marang atine lan amale siro kabeh.(HR. Muslim)
 

Jamaah Jumat Rahimakumullah
 

Duso batin saged dadosaken rogo rusak. Misal, nalika manahipun Qobil anggadahi sifat dengki (hasud) saged dadosaken rogone pejah, ngantos Habil dados korban. Semanten ugi sifat kekufuranipun tiyang-tiyang Yahudi, nalika jaman Kanjeng Nabi Muhammad  ninda’aken dakwah Islam. Tiyang Yahudi ngganggu lan ngalangi syiar Islam sebab ing manahipun wonten raos hasud (dengki). Kados dawuhipun gusti Allah swt wonten surat Al-Baqarah 109 meniko:
 

وَدَّ كَثِيْرٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَوْ يَرُدُّوْنَكُمْ مِّنْ بَعْدِ اِيْمَانِكُمْ كُفَّارًاۚ حَسَدًا مِّنْ عِنْدِ اَنْفُسِهِمْ مِّنْ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْحَقُّ
 

Artosipun: Akeh ahli kitab remen supaya deweke isok mbalekaken siro kabeh marang kekafiran sak wuse deweke pada iman, iku sebab ono rasa dengki kang metu soko deweke dewe, sakwise wes pertelo perkoro kang bener.
 

Kedadosan saat niku sami kaliyan periswa Fir’aun ingkang nolak risalah saking Nabi Musa, amargi Fir’aun kagungan sifat sombong ingkang saged ngeregeti manahipun.
 

Jamaah Jumat Rahimakumullah
 

Kaprahe duso dzohir menika gampil nyadaraken dateng tiyang ingkang nglampahi duso. Katah tiyang ingkang sampun nglampahi duso dzohir saget sadar menawi meniko pendamelan lepat, lajeng akhiripun taubat mboten ninda’aken tumindak lepat malih. Umpaminipun tiyang ingkang remen nyolong (maling) akhiripun tobat lan mboten dados maling malih.
 

Saking contoh meniko, harapan utawi pangajeng-ajeng supados sadar saking penggawe awon lan tobat meniko estu wonten buktine. Ananging menawi duso batin harapan kangge sadar lan tobat meniko alit sanget, kranten piyambakipun ngelampahi lepat, tapi rumongsone mboten lepat, mboten salah. Kados dene penggawe rasan-rasan, meniko jelas dipun cegah lan duso ananging tiyang ingkang ngerasani meniko rumongso mboten duso, akhiripun wonten wekdal sanes mbaleni malih anggenipun rasan-rasan.
 

Jamaah Jumat Rahimakumullah
 

Keterangan wonten nginggil meniko nggambaraken bilih duso batin meniko sanes perkawis ingkang enteng. Senajan mboten ketingal, nanging pengaruhipun ageng sanget, saged dadosaken tumindak duso dzhahir mboten nyadari menawi saget ngerusak.
 

Mugi Gusti Allah paring pitulung dateng kito lan kekuatan kangge nebihi duso ingkang mboten ketingal, mboten rumongso duso, tapi mbebayani dateng iman kita lan ngerusak dateng amal kita sedoyo.
 

ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ : ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ وَدَّ كَثِيرٌ مِّنْ أَهْلِ ٱلْكِتَٰبِ لَوْ يَرُدُّونَكُم مِّنۢ بَعْدِ إِيمَٰنِكُمْ كُفَّارًا حَسَدًا مِّنْ عِندِ أَنفُسِهِم مِّنۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ ٱلْحَقُّ ۖ فَٱعْفُواْ وَٱصْفَحُواْ حَتَّىٰ يَأْتِىَ ٱللَّهُ بِأَمْرِهِۦٓ ۗ إِنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَىْءٍۢ قَدِيرٌ
 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ  إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ 
 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ  لِلَّهِ حَمْدًا  كَثِيْرًا  كَمَا  أَمَرْ.  أَشْهَدُ  أَنْ  لاَ  إِلَهَ  إِلاَّ  اللهُ  وَحْدَهُ  لاَ  شَرِيْكَ  لَهُ إِرْغَاماً  لِمَنْ  جَحَدَ  بِهِ  وَكَفَرْ.  وَأَشْهَدُ  أَنَّ  سَيِّدَنَا  مُحَمَّداً  عَبْدُهُ  وَرَسُوْلُهُ  سَيِّدُ  الخَلاَئِقِ  وَالْبَشَرْ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين
 

 أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
 

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor:

Khutbah Terbaru