• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Jumat, 19 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngucap Bener lan Tindak Lampah Bagus

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngucap Bener lan Tindak Lampah Bagus
Jamaah jumat sareng-sareng sholat Jumat wonten setunggale masjid (Foto:NOJ/Nu.or.id)
Jamaah jumat sareng-sareng sholat Jumat wonten setunggale masjid (Foto:NOJ/Nu.or.id)

Setunggale pesen saking Rasulullah supados dipun perhatikan nggih meniko ngucap jujur lan tindak lampah ingkang sae, kranten ucapan jujur lan tindak lampah sae meniko minongko dados lantaran kabekjan dunyo akherat.

Kagem sinten mawon ingkang ngersa'aken khutbah Jumat bahasa Jawa niki, dipun sumangga'aken ngeklik tombol print werno abang lan disebarake kagem materi khutbah Jumat.

 

Khutbah I:

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ لَهُ الْحَمْدُ كُلُّهُ وَ لَهُ الْمُلْكُ كُلُّهُ وَ بِيَدِهِ الْخَيْرُ كُلُّهُ وَ إِلَيْهِ يَرْجِعُ الْأَمْرُ كُلُّهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَاإِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ فِيْ ذَاتِهِ وَ أَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ مَخْلُوْقَاتِهِ أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى أَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ الْمُقْتَدِيْنَ بِهِ فِيْ كُلِّ حَالَاتِهِ . أما بعد
فَيَا عِبَادَاللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَالزَّادِ التَّقْوَى فَقَالَ اللهُ عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَ مَنْ يُطِعِ اللهَ وَ رَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمً


Hadirin Jamaah Jumat ingkang Minulyo
 

Monggo sareng-sareng takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi sedaya perintahipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun. Ketakwaan meniko kedah dipun tingkataken sahingga kita kalebebt golonganipun tiyang ingkang muttaqin, inggih punika tiyang ingkang dipun paringi janji Allah arupi gesang ingkang sahe wonten ing dunya lan akherat.
 

Kedah kito mangertosi bilih Iman meniko punjeripun sedoyo tindak lampahipun menungso lan tiyang ingkang beriman minangka saget manggihi suwarga menika katah werninipun. Ing antawisipun, kanti iman ingkang kiat saget nyurung tiyang menika ngelampahi tindak lampah ingkang sae, inggih menika: iman dipun sarengi amal shalih, ugi iman dipun iringi infak, iman ndadosaken kencenge manah. Saking mriki saget dipun pahami, bilih ngamal ibadah mawon, infak mawon,  ugi namung ngandalake takwo ananging mboten dilandasi iman, mongko punika dereng saget njamin manggihi suwarganipun Gusti Allah. Pramila, supados saget nggayuh derajat iman saking ngersanipun Allah kedah disarengi kanti raos welas asih, ugi ucapan bener lan tindak lampah sae sesami kaum Muslimin.
 

 

Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah
 

Tindak lampah ugi pengendikan ingkang bener (jujur) kedah dipun lampahi kanti saestu tumrap saben-saben tiyang Islam. Artosipun sedoyo pengendikan ingkang goroh termasuk setengah saking perilaku dosa ageng. Bab sikap adil sakjeroning pengendikan lan tindak lampah meniko sampun dipun sebat Allah wonten ing al-Qur’an, ing antawisipun:
 

فَلۡيَتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡيَقُولُواْ قَوۡلاً سَدِيدًا
 

Artosipun: Mulo, wong-wong iku kudu podo ngabekti marang Allah lan podo ngucap pengendikan kang bener (Q.S An-Nisa’: 9)
 

Lan ayat:
 

وَإِذَا قُلۡتُمۡ فَٱعۡدِلُواْ وَلَوۡ كَانَ ذَا قُرۡبَىٰۖ
 

Artosipun: Lan nalika siro kabeh ngucap, mongko kudu ngucap kanti bener (jujur), senajan deweke iku sedulur.(Q.S Al An’am: 152)
 

Ing ayat sanes:
 

وَهُدُوٓاْ إِلَى ٱلطَّيِّبِ مِنَ ٱلۡقَوۡلِ وَهُدُوٓاْ إِلَىٰ صِرَٰطِ ٱلۡحَمِيدِ
 

Artosipun: lan pada nuduhno sira kabeh marang pitutur sing apik, lan pada nuduhno sira kabeng marang dalane Allah kang pinuji.(Q.S Al-Hajj: 24)
 

Kaum Muslimin ingkang Sami Bahagio
 

Rasullullah maringi pituduh dumateng umat Islam supados mboten pegot anggenipun  berusaha adil ing ndalem pitutur lan tindak lampahipun. Ing antawisipun
 

وعن أبِى عَمْرٍو، وَقِيْلَ أبِى عَمْرَةَ سُفْيَانَ ابنِ عَبْدِ اللّهِ رَضِي اللّهُ عَنْهُ قَالَ ، قُلْتُ يَا رَسُولُ اللّهِ ، قُلْ لِى فِى الإسْلاَمِ قَوْلاً لااَسألُ عَنْهُ اَحَدًا غَيْرَكَ ، قَالَ: قُلْ آمَنْتُ باللّهِ ثُمَّ اسْتَقِمْ
 

Artosipun: Saking Abi Amr, lan dipun ngendikaken (rowi lintu) saking Abi Amroh Sofyan bin Abdullah, Panjenenganipun nate dawuh: “Aku wis nyuwun pirso marang Rasulullah: Duh, Rasulullah, nyuwun Panjenengan kerso maringi dawuh bab Islam, ingkang  mboten nate kulo tangletaken dumateng tiyang lintu kejawi Panjenengan. Rasululllah paring jawaban: Ngucapo sira: Aku percaya marang Allah, mongko nuli istiqomaho siro (HR. Muslim)
 

Tegese hadits meniko, iman dumateng Allah lajeng dipun lampahi kanti istiqomah niku kecatet dados amal ingkang sae sanget. Sinten mawon ingkang saget nglampahi bab meniko kanti sak estu, mongko piyambakipun sampun saget dipun wastani nggadahi keimanan lan keislaman ingkang kiat lan sempurna. Piyambakipun mboten bade rumahos kuwatos utawi ajrih kaliyan perkawis dunyo, kranten sedoyo sampun disendenaken, dipasrahno marang Allah.


Rasulullah SAW dawuhaken:
 

قَالَ رَسُول اللّهِ صَلى الله عليه وسلم: لاَ يَسْتَقِيمُ إيْمَانُ عَبْدٍ حَتَّى يَسْتَقِيمَ قَلْبُهُ ، وَلاَ يَسْتَقِيمَ قَلْبُهُ حَتَّى يَسْتَقِيمَ لِسَانُهُ
 

Artosipun: Rasulullah SAW ngendika: Imane wong ora iso diarani lurus sak durunge atine iso lurus, lan atine wong ora iso diarani lurus sak durunge ilate iso lurus. (HR Ahmad)
 

Pramilo,  penting sanget tumrap tiyang muslim njogo lisan, pitutur, ampun ngantos ngucap olo lan ora ono faidahe. memelihara lisan. Kranten njagi lisan meniko minongko setengah saking tondo-tondo iman kang sempurno. Menawi lisan saged dipun jogo saking ucapan goroh, tondone piyambakipun nggadahi manah ingkang kenceng. Pramila saking menika estu sanget mbok bilih kito sedoyo saget njagi lisan, ugi sampun ngantos ngucap napa kemawon ingkang mboten wonten manfaatipun.
 

Mugi-mugi kito sedoyo kalebet tiyang ingkang istiqomah ngucap bener tur kang manfaati lan demen ngelampahi amal-amal kesaenan. Amiin.

 
بَارَكَ اللّهُ لِى وَلَكُم فى القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَإيَّاكُمْ بِما فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيمِ. وَتَقَبَّلْ مِنِّى وَمِنكُم تِلاَوَتَه إنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ العَلِيمٌ
 أقُولُ قَوْلِي هذَا وَاسْتَغفِرُ اللّهَ العَظِيمَ لِى وَلَكمْ وَلسَائرِ المُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ والمُؤمِنِينَ وَالمُؤمِنَاتِ فاسْتَغْفِرُوهُ إنَّهُ هُوَ الغَفُور الرَحِيمُ
 

Khutbah II:


الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ . أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُه ورَسُولُه .يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ . يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
 

اللَّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ وسَلّمْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ . اللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، ، وَاكْسِرْ شَوْكَةَ الظَّالِمِينَ، وَاكْتُبِ السَّلاَمَ وَالأَمْنَ لِعِبادِكَ أَجْمَعِينَ .رَبَّنَا احْفَظْ أَوْطَانَنَا وَأَعِزَّ سُلْطَانَنَا وَأَيِّدْهُ بِالْحَقِّ وَأَيِّدْ بِهِ الْحَقَّ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ . اللَّهُمَّ أَنْزِلْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ السَّمَاء وَأَخْرِجْ لَنَا مِنْ خَيْرَاتِ الأَرْضِ، وَبَارِكْ لَنَا في ثِمَارِنَا وَزُرُوْعِنَا وكُلِّ أَرزَاقِنَا يَا ذَا الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ .رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ .رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ . رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار،
 

عِبَادَ اللهِ :إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَفَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوا اللهَ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْا مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ
 


Editor:

Khutbah Terbaru