• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Jumat, 26 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Niti Pirso Celo Awake Dewe

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Niti Pirso  Celo Awake Dewe
Setunggale penyakit ati menungso nggih meniko ngeraos paling sae. (Foto: NOJ/NU Network) 
Setunggale penyakit ati menungso nggih meniko ngeraos paling sae. (Foto: NOJ/NU Network) 

Khutbah I

 

أَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِى خَلَقَ النَّفْسَ فَأَلْهَمَهَا فُجُوْرَهَا وَتَقْوَاهَا. وَكَتَبَ بِأَنَّهُ قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زّكَّاهَا وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَا. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ  رَبٌّ كَرِيْمٌ لَا يَنَالُ مَا لَدَيْهِ إِلَّا بِإِزَالَةِ الْغُيُوْبِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهَ وَرَسُوْلُهُ نَبِيٌّ أَرْسَلَهُ هَادِيًا لَا مَسَّهُ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الَّذِى كَشَفَ الْكُرُوْبَ وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ سَارُوا بِسَيْرَتِهِ وَجَنَحُوْا بِغُفْرَانِ الذُّنُوْبِ
 

 أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللَّهِ, إِتَّقُوا اللَّهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ بفِعْلِ المَأمُوْراتِ وَاجْتِنَابِ المُحَرَّمَاتِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
 

Jamaah Jumat Rahimakumullah
Monggo sareng-sareng ningkataken taqwa dumateng Gusti Allah, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti ninda'aken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Kranten saking meniko kito sedoyo saget angsal kawilujengan soho kabejan wonten dunyo ngantos akhirat.
 

Kedah kito mangertosi bilih Allah puniko menawi ngersa'aken sae dateng kawulonipun, bakal dipun tuduhaken keawonan serto celo ingkang wonten awake. Lajeng Allah paring gampil ngicali keawonan utawi celo niku wau saking awakipun. Akhire kawulo nikuwau saget ndandani sekedik-sekedik hinggo dados kesaenan ingkang sempurno.
 

Kaprahe manungso sami mboten nyumerapi awonipun piyambak. Artose, sami nggadahi prosongko bilih piyambakipun sampun sae, mungguhi masyarakat lan ugi sae mengguhe  Allah. Milo saking anggepan meniko, piyambakipun menawi semerap awon utawi celo saking tiyang lintu masiyo sak klilip moto dados bahan rasan-rasan. Kosok wangsulipun menawi keawonan lan celo ingkang wonten ngajeng mripatipun, medal saking awake piyambak malah mboten ketingal, mboten rumaos awon utawi anggadai celo. Kanjeng Nabi dawuh:
 

 

يُبْصِرُ أَحَدُكُمُ الْقَذَى فِى عَيْنِ أَخِيْهِ وَيَنْسَى الْجِذْعَ فِى عَيْنِهِ. (رواه أبو هريرة)
 

Artosipun: Salah siji siro kabeh weruh kotoran cilik ono mripate dulure, ananging lali karo kayu ingkang malang onok ngarep mripate dewe.
 

Hadits meniko negasaken bilih niti pirso niku metani celone dewe, ora niti-niti aibe wong liyo, lajeng estu nemen-nemeni anggenipun ngilangi celone piyambak hinggo dados sae meniko sumber kabejan. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:
 

طُوْبَى لِمَنْ شَغَلَهُ عَيْبُهُ عَنْ عُيُوْبِ النَّاسِ
 

Artosipun: Untung banget wong kang ketungkul metani celone awake dewe lan ora gelem ketungkul metani celone wong liyan.” (HR. Al-Bazzar)
 

Sayyidina Ali wonten kitab Nashaihul Ibad karyanipun Syekh Nawawi Banten dawuh:
 

كُنْ عِنْدَ اللَّهِ خَيْرَ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّفْسِ شَرَّ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّاسِ رَجُلًا مِنَ النَّاسِ​​​​​​​
 

Artosipun: Dadiyo menungso paling sae mungguhe Allah. Dadiyo menungso paling awon mungguh pandanganmu dewe, lan dadio manungso kang kaprah ono ngarepe poro manungso.
 

Saking dawuh kasebat wonten hikmah ingkang saget kito petik kagem ndandosi awak kito supados ngajeni tiyang sanes, mboten rumaos luweh sae, nggih puniko:
 

1. Istiqomah ningkataken taqwo, amal sholih soho nebihi awisanipun Allah, hinggo dados tiyang sae mungguhe Gusti Allah.
 

2. Ngrumaos dados tiyang awon lan kirang amal sholihipun. Tegesipun sanes ngasorake awake piyambak, ananging sikap ngatos-atos supados selamet saking ujub (sombong), riya’ (pamer), lan sum’ah (ngarep-ngarep pujiane liyan).
 

3. Andap asor (tawadhu’) dateng tiyang sanes soho mboten ngrumaosi langkung sae. Katah tiyang ingkang ngremehaken tiyang sanes, ngrumaosi langkung sae lan mulyo.
 

Jamaah Jumat Rahimakumullah
 

Perkawis muhasabah utawi niti pirso celo awake dewe meniko penting sanget, kranten Gusti Allah sampun dawuh:
 

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ 
 

Artosipun: Hai wongkang podo iman, wediyo marang Allah lan dan saben awak-awak becik nggate’aken opo-opo sing wes dilakoni kanggo dino sesok (kiamat), lan wediyo marang Allah, setuhune Allah Dzat kang mirsani amal siro kabeh. (QS. Al-Hasr: 18)​​​​​​​
 

Lajeng setunggale dawuh sahabat Umar:
 

حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوا ، وَزِنُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُوزَنُوا ، فَإِنَّهُ أَهْوَنُ عَلَيْكُمْ فِي الْحِسَابِ غَدًا ، أَنْ تُحَاسِبُوا أَنْفُسَكُمُ الْيَوْمَ ، وَتَزَيَّنُوا لِلْعَرْضِ الأَكْبَرِ، يَوْمَئِذٍ تُعْرَضُونَ لا تَخْفَى مِنْكُمْ خَافِيَة (رواه ابن أبي الدنيا)
 

Artosipun: Niti pirsoho marang awak siro kabeh sakdurunge diitung amal (hisab). Lan timbangen awak siro kabeh sakdurunge podo ditimbang (ono dino kiamat), kerono hisab siro kabeh bakal enteng nalikane wes dihisab awit sakniki. Lan pahesono awak siro kabeh kanggo pertemuan akbar, dino bakale didudohno kabeh amal ingkang didelikno lan siro kabeh ora bakal isok ndelik. (HR. Ibnu Abi Dunya)
 

Jamaah Jumat ingkang Minulyo
Niti pirso celo lan aib awake dewe, mawas diri utawi muhasabah kedah kita tindakaken saben wekdal supados kita kimutan kekirangan, kesalahan lan aib kita. Lajeng nemen-nemeni ndandosi awake dewe. Ampun niti-niti utawi metani  kekirangan serta aib tiyang lintu.

 

Pramilo meniko coro kagem ngendalikaken kesaenan gesang kito wonten dunyo, tentune nggih saget ngasilaken efek luar biasa wonten awak kito sedoyo. Keranten pepeko, luput lan supe kaliyan muhasabah saget ngrisak pagesangan kito, keluwargo lan masyarakat. Rasulullah ndawuhaken:
 

(اَلْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا وَتَمَنَّى عَلَى اللهِ (رواه أحمد​​​​​​​
 

Artosipun: Wong cerdas yoiku wong kang ngitung-ngitung awake dewe lan ngamal kanggo sak wise mati. Wong lemah (apes) yoiku wongkang nuruti nafsune lan arep-arep barang kang ora mungkin terjadi marang Alloh.” (HR. Ahmad).

 

Mugi-mugi kita kalebet golongane tiyang-tiyang ingkang niti pirso awake dewe, muhasabah utawi berbenah diri lan saget dados tiyang engkang ndepe-ndepe, andap asor (tawadhu’), ngajeni tiyang lintu, mboten ngrumaosi langkung sae. Aamiin.
 

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا  باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ.  إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ 

 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
 

 أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 
 

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
 

 عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor:

Khutbah Terbaru