• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Minggu, 28 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dados Pendidik Ingkang Telaten lan Sabar

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dados Pendidik Ingkang Telaten lan Sabar
Jamaah Jumat sami mirengaken khutbah Jumat (Foto:NOJ/karomi)
Jamaah Jumat sami mirengaken khutbah Jumat (Foto:NOJ/karomi)

Naskah khutbah Jumat meniko njelasaken babakan pentinge dados guru ingkang telaten lan sabar, kranten saking meniko saget ndadosaken muride pikantuk keberkahan.

 

Khutbah I:


اَلْحَمْدُ للهِ حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِي لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِك. سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِك. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُه. خَيْرَ نَبِيٍّ أَرْسَلَه. أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرْاً وَنَذِيْراً. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَاماً دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن


أَمَّا بَعْدُ، فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ. قال الله تعالى في القُراَنِ العَظِيْم بسم الله الرحمن الرحيم يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ 


Jamaah Jumat Rahimakumullah


Monggo kita sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun wonten pangenan pundi kimawon, sepi utawi rame, amergi kelawan takwo, kito sedoyo bakal pikantuk pengapuro lan rohmate Gusti Allah.


Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluargo lan sohabate ingkang sampun paring tupo tulodo kesaenan serto nuduhaken marang dalan ingkang lurus, nggih meniko agomo Islam.


Gusti Allah sampun dawuh:

قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ ٱللَّهَ فَٱتَّبِعُونِى يُحْبِبْكُمُ ٱللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَٱللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ


Artosipun: ngucapo siro (Muhammad), lamun siro kabeh trisno marang Gusti Allah, lajeng ngenuto marang ingsun, mongko Gusti Allah bakal trisno marang siro kabeh lan Gusti Allah bakal ngapuro duso siro kabeh, saktemene Gusti Allah dzat kang akeh ngapuro lan welas asih (Ali Imran:31)


Wonten ing keterangane kitab tafsir Tabari dipun jelasaken bilih ayat meniko mandap kranten nyifati kelompok ingkang ngaku-ngaku trisno marang Gusti Allah, lajeng Gusti Allah dawuh marang Kanjeng Nabi: lamun siro kabeh tenanan ingatase ucapan siro (trisno marang Gusti Allah), mongko ngenuto marang ingsun (Nabi Muhammad), krono melu marang ingsun pertondo trisnone siro marang Gusti Allah.


Hadirin Ingkang Minulyo


Kedah kito pahami bilih Kanjeng Nabi Muhammad niku piyantun ingkang alus pemature, mulyo tindak lampahe, telaten ngajar lan ngormati tiyang lintu. Nopo maleh nalikane Kanjeng Nabi ngajari lan ndidik babakan ilmu agomo dateng poro sohabate. Kanjeng Nabi nate dawuh:


 كُوْنـُـوْا رَبَّانِيِّـْينَ حُلَمَاءَ فُقَهَاءَ وَيُقَالُ اَلرَّبَّانِيُّ الَّذِى يُــرَبِــّى النَّاسَ بِصِغَارِ اْلعِلْمِ قَبْلَ كِبَارِهِ


Artosipun: Podo dadiyo pendidik ingkang aris, paham agomo, Dipun wastani pendidik sebabe ndidik kelawan ilmu dasar sakderenge ilmu ingkang duwur.


Kanjeng Nabi meniko pendidik ingkang sae. Poro sohabat sami nampi Ilmu saking Kanjeng Nabi kanti bungah lan marem. Ilmu ingkang dipun ajaraken dipun wiwiti saking dasar rumiyin supado nggadah pondasi kuat, lajeng ngajaraken ilmu ingkang duwur.


Maknane pendidik ingkang aris meniko pendidik ingkang sabar, ikhlas lan mboten ngajeng nopo-nopo kejobo murid-muride dados tiyang ingkang paham lan manfaati marang syiar agomo. Lajeng ilmu dasar niku kados dene dasar-dasare ilmu tauhid, ilmu fikih, ilmu akhlak sakderenge dipun kenalaken kaliyan ilmu abot-abot.


Saking meniko, ilmu ingkang dipun ajaraken Kanjeng Nabi, kedah estu dipun pahami tenanan. Gusti Allah dawuh:


وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا


Artosipun: Lan opo-opo ingkang diperintahaken Rasul marang siro kabeh, mongko ngalapo siro kabeh, lan opo-opo ingkang dipun cegah Rasul, mongko adohono siro kabeh (Al-Hasyr: 7).


Ayat niki jelas sanget bilih ilmu ingkang sampun dipun ajaraken saking Kanjeng Nabi babakan perintah agomo, tupo tulodo kesaenan, kedah cepet-cepet dipun ikuti lan laksanaaken perintahe. Kosok wangsulipun menawi ilmu niku mertelaaken larangan agomo, mongko kedah cepet-cepet nebihi larangane.


Jamaah Jumat Ingkang Bahagio


Saking pepertelan kasebat, dados pendidik utawi guru ingkang telaten lan sabar niku sami kaliyan nderek tindak lampahe Kanjeng Nabi ingkang sampun telaten lan sabar ngajari ilmu marang poro sohabat. Gusti Allah sampun dawuh


لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِى رَسُـوْلِ اللَّهِ أسْـوَةٌ حَسَـنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُوْااللَّهَ وَاليَوْمَ الآخِرَ وَذَكَرَاللَّهَ كَثِيْرًا


Artosipun: Temen wes tinemu ingdalem Rasulullah yoiku tupo tulodo kesaenan kanggo siro kabeh, yakni kanggo wong-wong ingkang ngarep rahmate Gusti Allah lan dino kiamat lan ingkang katah dzikire marang Gusti Allah (Al-Ahzab: 21)


Sampun jelas sanget nopo-nopo ingkang sampun diajaraken lan dipun contohaken kaliyan Kanjeng Nabi babakan dados pendidik ingkang telaten lan sabar. Salah setunggale contoh ketelatenan lan kesabaran Kanjeng Nabi nalikane wonten tiyang badui mlebet masjid lajeng nguyuh teng masjid, ngantos poro sohabat sami duko. Ananging Kanjeng Nabi mboten duko, malah panjenenganipun ngutus poro sohabat nyiram uyuhe badui kolowau.


Pramilo, monggo kito nyuwun dumateng Gusti Allah supados saget nyontoh lan nderek tindak lampah muliyone Kanjeng Nabi dados pendidik ingkang sabar lan telaten, sehinggo kito saget kalebet tiyang pendidik ingkang mukhlisin lan shabirin. Amiin


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


Khutbah II:


اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ ,


أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ


اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Editor:

Khutbah Terbaru