• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Jumat, 17 Mei 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngedohi Sifat Takabur

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngedohi Sifat Takabur
Khatib paring pesen takwo marang poro jamaah (Foto:NOJ/nyantriyuk)
Khatib paring pesen takwo marang poro jamaah (Foto:NOJ/nyantriyuk)

Naskah khutbah meniko mertelaaken babakan ngedohi sifat takabur utawa sombong, amergi saking sifat sombong saget njelumprungaken tiyang dateng dalan peteng. Monggo naskah meniko dipun sebar saperlu kagem materi khutbah Jumat.


Khutbah I:


الحَمدُ لِلَّهِ مَلِكِ الْمَعْبُودِ الَّذِي يَمْقُتُ كُلَّ مُتَكَبِّرٍ وَحَسُودٍ ، لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى مَلِكٌ جَبَّارٌ قَهَّارٌ اَسْتَغْفِرُهُ وَاشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ ذُو العَظَمَةِ وَالْكِبْرِيَاءِ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا رَسُولُ اللهِ تَبَرَّأَ مِنْ صَاحِبِ الْحَسَدِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الأئِمَّةِ الْأطْهَارِ


اَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ ، وَاحْذَرُوا الْكِبْرَ هُوَ الَّذِي يُؤَدِّي إِلَى غَضَبِ العَزِيزِ الْجَبَّارِ قَالَ الله تعالى : أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ فَلَا تُزَكُّوْا أَنْفُسَكُمُ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنِ اتَّقَى ( الاية ) - صَدَقَ اللهُ الْعَظِيمُ .


Maasyiral Muslimin Rahimakumullah 


Monggo kito sami ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah, takwo ingkang dipun buktiaken kaliyan ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun kanti ikhlase penggalih serto ngajeng-ngajeng rohmat soho ridhonipun Gusti Allah Swt.


Shalawat serto salam  mugi keaturaken dumateng Kanjeng Nabi ingkang sampun paring tupo tulodo kesaenan lan nuduhaken marang dalan ingkang padang lan dipun trisnani Gusti Allah. Gusti Allah sampun dawuh:


قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ


Artosipun: Ngucapo siro (Muhammad marang kaum), lamun siro kabeh trisno marang Allah, lajeng ngenut siro kabeh marang ingsun, mongko Allah trisno marang siro kabeh lan ngapuro duso siro kabeh, Gusti Allah iku dzat akeh ngapuro lan welas asihe (Ali Imran: 31)


Kanjeng Nabi Muhammad meniko tiyang agung ingkang dipun anugerahi kesaenan ingkang katah lan nggadahi sifat ingkang mulyo, panjenenganipun dikenal piyantun ingkang santun, limpat, amanah, tawadhu, lan mboten nate takabur sinaoso dipun gelari dados sak apik-apike menungso utawi khoirul basyar.


Hadirin Ingkang Sami Minulyo


Kito sedoyo menungso biasa ingkang mboten saget tebih saking keluputan lan kesalahan, ampun ngantos sami rumahos badanipun bersih, suci piyambak, mboten nggadah duso, sehinggo nganggep ino lan asor dumateng tiyang sanes. Kawahos wonten ing Al-Qur'an, Gusti Allah dawuh mekaten:


فَلَا تُزَكُّوْا أَنْفُسَكُمُ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنِ اتَّقَى


Artosipun: "Ojo nganggep suci bersih marang pribadi siro kabeh, sebab Gusti Allah iku luwih pirso marang sopo kawulane kang luwih takwo." (Qs. An Najm:32)


Ayat meniko paring pepiling marang sinten kimawon supados mboten takabur, rumahos paling resik tenimbang tiyang lintu. Takabur niku setunggale sifat ingkang dipun nggadahi Gusti Allah. Tentu, kito sedoyo mboten pantes ndamel sifat puniko.


Kito sedoyo gesang ing alam dunyo niki kedah mbiasaaken sifat tepo seliro, andap asor, tawadhuk kados ingkang dipun contohaken Kanjeng Nabi Muhammad saperlu nggayuh kesentosan, kemakmuran serto ketentreman lahir lan batin. Saking puniko kito sedoyo dipun tuntut supados guyup lan rukun, saling pangertian, serto saling ngajeni dumateng sesami sarono tulus ikhlas. Mboten malah kemlelet, kemrungsung marang tiyang lintu.


Jamaah Jumat Ingkang Bahagio


Kito kedah waspodo dateng gejala penyakit takabbur, Kanjeng Nabi dawuh:


لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ كَانَ فِي قَلْبِهِ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ مِنْ كِبْرٍ قَالَ رَجُلٌ إِنَّ الرَّجُلَ يُحِبُّ أَنْ يَكُونَ ثَوْبُهُ حَسَنًا وَنَعْلُهُ حَسَنَةً قَالَ إِنَّ اللَّهَ جَمِيلٌ يُحِبُّ الْجَمَالَ الْكِبْرُ بَطَرُ الْحَقِّ وَغَمْطُ النَّاسِ


Artosipun: Ora bakal manjing suwargo wong kang ing jero atine ono sak biji sifat sombong, lajeng sahabat tanglet, opo toh tiyang jaler ingkang remen agemane bagus lan sandale bagus kalebet sombong?, Kanjeng Nabi dawuh: Saktemene Gusti Allah iku Dzat kang Bagus lan demen marang kebagusan. Sombong iku maksude nolak kaleresan (kabeneran), ngeremehake lan ngino marang liyan. (HR. Muslim)


Saking hadis meniko, kito  kedah ngangen-angen, kados pundi bahayane sombong kados ingkang dipun lampahi iblis, anggenipun nolak keleresan saking ngarso dalem Gusti Allah. Iblis ngeremehaken Nabi Adam sarono nonjolaken kesahenanipun dan kehebatanipun. Kejadian meniko dipun sebataken wonten Al-Quran:


قَالَ مَا مَنَعَكَ اَلَّا تَسْجُدَ اِذْ اَمَرْتُكَ ۗقَالَ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْهُۚ خَلَقْتَنِيْ مِنْ نَّارٍ وَّخَلَقْتَهٗ مِنْ طِيْنٍ


Artosipun: Gusti Allah dawuh, opo kang nyegah siro ora sujud nalikane ingsun perintah?, Jawab iblis, kulo langkung sahe tenimbang Adam. Panjenengan nyiptaaken kawulo saking geni, dene Adam Panjenengan titahake saking endut. (QS. Al-A'rof: 12)


Milo saking meniko, monggo kito sami-sami nyenyuwun marang Gusti Allah supados ditebihaken saking sifat sombong lan takabbur kados dene iblis, kranten saged nggiring serto menjurus dateng kekafiran, wal'iyadzu billah.


جَعَلَنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمُ مِنَ الْفَائِزِينَ الأَمِنِيْنَ وَادْخَلْنَا وَإِيَّاكُمُ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِينَ . أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ وَلَا تُفْسِدُوا فِي الأَرْضِ بَعْدَ إصْلَاحِهَا . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَانْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ


Khutbah II:


اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ 


أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ


اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاِخْوَانَنَا في فالِسْطِينَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ اللهم اَهْلِكِ الْكَفَرَةَ الَّذِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِكَ وَيُكَذِّبُونَ رُسُلَكَ ويُقَاتِلُونَ اَوْلِيَاءَكَ . اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِيْمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ عَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Editor:

Khutbah Terbaru