• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Sabtu, 18 Januari 2025

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jowo: Amanat Kangge Menungso Ingkang Pikantuk Kemerdekaan

Khutbah Jumat Bahasa Jowo: Amanat Kangge Menungso Ingkang Pikantuk Kemerdekaan
Jamaah Jumat mirengaken khatib (Foto:NOJ/karomi)
Jamaah Jumat mirengaken khatib (Foto:NOJ/karomi)

Amanat kangge menungso niku abot, kranten kedah taat marang Gusti Allah lan ngelampahi perintahipun. Ugi amanat nalikane angsal kemerdekaan berarti kedah njaga kerukunan lan mboten padu.

 

Khutbah I:


 اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانٍ إلَى يَوْمِ الدِّين


أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمُ 


Maasyiral Muslimin Rahimakumullah


Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo marang Gusti Allah ing dinten soho panggénan ingkang minulyo puniko, nggih meniko kempal ing masjid saperlu ngelampahi ibadah jumat mubarokah.


Takwo tegese ninda'aké sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo laranganipun, lan ugi tansah ngelanggengaken wonten ing sedoyo wekdal, papan soho panggénan.


Kito sedoyo sampun mangertos  bilih menungso puniko mahluké gusti Allah ingkang paling sempurno kedadosané serto dipun lengkapi akal kanggé netepi dumateng akhlaqul karimah.


Tentune menungso nggadahi amanat ingkang abot kranten dipun taklif kanggé ngelaksanaaken kewajiban gesang wonten alam dunyo, inggih puniko gesang kagem ngumawulo dumateng Gusti Allah. Puniko termasuk amanat ingkang kito laksanaaken lan jagi, Gusti Allah sampun dawuh:


 إِنَّا عَرَضْنَا الْأَمَانَةَ عَلَى السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَالْجِبَالِ فَأَبَيْنَ أَن يَحْمِلْنَهَا وَأَشْفَقْنَ مِنْهَا وَحَمَلَهَا الْإِنسَانُ ۖ إِنَّهُ كَانَ ظَلُومًا جَهُولًا
 

Artosipun: Saktemene ingsun wis nawa'aké amanat ing langit, bumi lan gunung, ananging kabéh podo wegah nanggung amanat iku lan kabéh kuwatir nulayani amanat iku, (ananging) banjur manungso nanggung marang amanat mau. Sa'temené manungso iku akéh dzolimé lan banget bodoné. (QS; Al-Ahzab: 72)


Amanat wonten ayat meniko dipun tafsiri kaliyan Imam Tobari kaliyan taat utawi ngelampahi kefardhuan ingkang dibebanaken marang kawulane Gusti Allah. Tegese amanat dipun tawaraken marang Nabi Adam, dipun tawaraken marang langit lan bumi rumiyen, ananging sedoyo mboten sanggup, akhire Nabi Adam ingkang siap.


Jamaah Jumat Rahimakumullah


Ayat puniko nuduhaken bilih amanat puniko minongko perkawis ingkang abot sanget. Amargi langit, bumi lan gunung mboten sanggup nanggung amanat kasebat, padahal sedoyo wau nggadahi kekiatan lan keunggulan ingkang ageng. Kosok wangsulipun, manungso ingkang apes lan anggadahi sifat aras-arasen malah dipun limpahi amanat kolo wau.


Lajeng rahasianipun punopo koq menungso ingkang dipun amanati? keranten bumi, langit soho gunung mboten ditaklif, mboten bade dipun suwuni tanggungjawab, mboten dipun perikso amale lan mboten bade ngraosaken nikmaté suwargo, bedo kalih menungso ingkang nggadahi pengajeng-ajeng bade ngraosaké suwargo, sehinggo tuntutanipun tansah nggayuh kenikmatan suwargo kasebat.
 

Nikmat ingkang sakmangke kito sedoyo sami raosaken nggih meniko nikmate merdeka saking penjajahan. Tentu kito sedoyo dipun amanati supados ngisi kemerdekaan kanti sae, mboten malah ngorupsi lan ngerusak negoro.


Hadirin Ingkang Sami Bahagio


Saking pepertelan kasebat, saget dipun pahami sareng-sareng bilih amanat kangge menungso niku taat, tunduk lan nyembah marang Gusti Allah. Wonten surat Adzariyat ayat 56 dipun sebataken:


وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ


Artosipun: lan ora ingsun dadiaken jin lan menungso kejobo supoyo podo nyembah marang ingsun.


Pramilo, tiyang ingkang ngelakoni amanat niku tegese tiyang ingkang tunduk lan nyembah marang Gusti Allah. Kosok wangsulipun tiyang ingkang nyidrani amanat niku tegese mboten ibadah utawi tansah ngelampahi maksiat, berarti piyambakipun ingkar dumateng kesanggupanipun lan mboten remen pikantuk kenikmatan wonten ing akhératé. 


Amanat kangge menungso ingdalem bab kemerdekaan saget ugi dipun maknani kedah njogo kerukunan, paseduluran, tulung tinulung, cinta negoro, gotong royong ingdalem kesaenan, mboten padu, lan mboten bade tumindak kemungkaran.


Mugi-mugi kito sedoyo kecatet tiyang ingkang ngelampahi amanat-amanat meniko, ajeg ingatase ibadah marang Gusti Allah lan nebihi sedoyo larangane Gusti Allah.


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيمُ، مَلِكُ بَرُّ رَؤُوفٌ رَحِيمٌ


Khutbah II:


اَلحَمْدُ لِلّهِ الوَاحِدِ القَهَّارِ، الرَحِيْمِ الغَفَّارِ، أَحْمَدُهُ تَعَالَى عَلَى فَضْلِهِ المِدْرَارِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمِهِ الغِزَارِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ العَزِيْزُ الجَبَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُصْطَفَى المُخْتَار، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ الطَيِّبِيْنَ الأَطْهَار، وَإِخْواَنِهِ الأَبْرَارِ، وَأَصْحَابِهِ الأَخْيَارِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ مَا تُعَاقِبُ اللَيْلَ وَالنَّهَار


 أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَانَ وَعَلِىّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 


اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ 


اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ


عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor:

Khutbah Terbaru