
Rejeki ingkang dipun tampi sejatine sampun dipun serat kepastiane kaliyan Gusti Allah (Foto:NOJ/kominfo.go.id)
Gusti Allah dawuh bilih rejekine makhluq utawi sedoyo gegeremetan wonten dunyo sampun dipun jamin. Pramilo kedah dipun mangertosi kesuksesan, kesugihan, kesarasan ingkang sampun kito tampi sejatosipun peparing saking Gusti Allah.
Naskah khutbah meniko sumonggo dipun cetak lan disebaraken kagem keperluan khutbah Jumat wonten kampung.
Khutbah I:
ADVERTISEMENT BY OPTAD
اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا، وقال تعالى: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
ADVERTISEMENT BY ANYMIND
Baca Juga
Bagaimana Cara Khusu saat Shalat?
Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah
Monggo kito sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kelawan ngamalaken perkawis ingkang dipun perintahaken kados dene ngelampahi kesaenan, lan nebihi sedoyo awisanipun kados tumindak maksiat. Shalawat serto salam mugi tansah keaturaken dumateng Nabi kito, Kanjeng Nabi Muhammad, keluarga, sahabat-sahabat, serto sedoyo pengikutipun ngantos akhir zaman.
ADVERTISEMENT BY OPTAD
Setunggale perkawis ingkang kedah dipun perhatosake nggih puniko bab rejeki, kranten katah menungso memahami bilih rejeki meniko angsal saking pendamelane piyambak, lan supe kaliyan Gusti Allah Moho Peparing kang njamin rejekine makhluq wonten alam dunyo.
Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
ADVERTISEMENT BY ANYMIND
Allah sampun paring janji bilih saben-saben makhluk wonten dunyo estu kejamin rejekine saking Gusti Allah. Tegese makhluk saking golongan menungso ingkang dados makhluk kang dimuliakaken, ugi makhluk saking golongane rojokoyo, sedoyo sampun Gusti Allah jamin rejekine. Allah ngendiko:
وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللَّهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا كُلٌّ فِي كِتَابٍ مُبِينٍ
Artosipun: Lan ora ano sawijining gegremetan (makhluk) ing bumi kejobo Allah kang paring rejekine, lan Allah mirsani saben papan panggonane lan pangane. Sedoyo sampun katulis ing kitab kang nyata (Lauh mahfuzh).” (QS. Hud: 6)
ADVERTISEMENT BY ANYMIND
Tegese rejekine makhluk estu sampun dijamin Gusti Allah, kedah diyakini bilih Gusti Allah ingkang ngatur sedoyo. Rejeki meniko mboten cekap dipun pahami materi utawi bondo kimawon, ananging kesarasan, kekiyatan tumindak kesaenan, saget dahar, saget ambekan, lan sak pitunggalane nggih termasuk rejeki saking Gusti Allah.
Jamaah Jumat Ingkang minulyo
Kedah kito pahami nalika mapak rejeki kang sampun ditakdir Gusti Allah, saben muslim kedah nggadah prinsip milah lan milih rejeki kang halal, mboten serawutan ingkang nyebabaken mapak rejeki ingkang haram. Ibnu Katsir nerangaken Surat Hud wonten inggil: “Gusti Allah paring kabar bilih rejeki sedoyo makhluk sampun dipun jamin, saking sedoyo rojokoyo ing bumi, gede-cilik ing daratan utawa lautan.”
Lajeng miturut Syaikh Sa’dy, “Maksudipun sedoyo kang mlaku ing bumi, saking golongan menungso utawi kewan darat utawi laut, Gusti Allah sampun njamin rezeki lan panganipun, sedoyo ditanggung dining Allah.” Keterangan meniko dipun tegesake malih wonten Al-Ankabut, 60:
وَكَأَيِّنْ مِنْ دَابَّةٍ لا تَحْمِلُ رِزْقَهَا الله يَرْزُقُهَا وَإِيَّاكُمْ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Artosipun: lan katah bongso kewan kang ora (mampu) ngurus rejekine. Gusti Allah kang paring rejeki tumrap deweke lan tumrap sira kabeh, lan Gusti Allah Moho Mireng ugi Moho Waspada. (QS. Al Ankabut: 60).
Hadirin Ingkang minulyo
Ayat kasebat wonten inggil meniko paring pemahaman bilih rejeki makhluk niku sampun kecatet wonten lauh Mahfud. Tegese, mboten badhe satunggale tiyang angsal rejeki kejobo sampun ditakdir Gusti Allah. Setunggale hadits ndawuhake:
عَنْ زَيْدِ بْنِ وَهْبٍ عَنْ عَبْدِ الله رضى الله عنه قَالَ حَدَّثَنَا رَسُولُ الله -صلى الله عليه وسلم- وَهُوَ الصَّادِقُ الْمَصْدُوقُ « إِنَّ أَحَدَكُمْ يُجْمَعُ خَلْقُهُ فِى بَطْنِ أُمِّهِ أَرْبَعِينَ يَوْمًا ثُمَّ يَكُونُ فِى ذَلِكَ عَلَقَةً مِثْلَ ذَلِكَ ثُمَّ يَكُونُ فِى ذَلِكَ مُضْغَةً مِثْلَ ذَلِكَ ثُمَّ يُرْسَلُ الْمَلَكُ فَيَنْفُخُ فِيهِ الرُّوحَ وَيُؤْمَرُ بِأَرْبَعِ كَلِمَاتٍ بِكَتْبِ رِزْقِهِ وَأَجَلِهِ وَعَمَلِهِ وَشَقِىٌّ أَوْ سَعِيدٌ فَوَالَّذِى لاَ إِلَهَ غَيْرُهُ إِنَّ أَحَدَكُمْ لَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ الْجَنَّةِ حَتَّى مَا يَكُونَ بَيْنَهُ وَبَيْنَهَا إِلاَّ ذِرَاعٌ فَيَسْبِقُ عَلَيْهِ الْكِتَابُ فَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ النَّارِ فَيَدْخُلُهَا وَإِنَّ أَحَدَكُمْ لَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ النَّارِ حَتَّى مَا يَكُونَ بَيْنَهُ وَبَيْنَهَا إِلاَّ ذِرَاعٌ فَيَسْبِقُ عَلَيْهِ الْكِتَابُ فَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ الْجَنَّةِ فَيَدْخُلُهَا
Artosipun: Abdullah bin Mas’ud radhiyallahu ‘anhu ngucap: Rasulullah tiang kang bener lan dibenerkaken dawuh: “Saktemene saben-saben siro kabeh dikumpulaken dining Gusti Allah ingdalem rahim ibune 40 dino rupo nutfah (setetes mani), banjur dadi ‘Alaqoh (setetes getih) selajengipun dados Mudhghoh (segumpal daging) nalika mekaten dipun utus Malaikat supados nyebulaken ruh, banjur diperintahaken nulis sekawan bab : Rizki, Ajal, Amal tuwin ciloko/bingahipun. Milo demi Allah kang mboten wonten Gusti Pengeran saklintune, naliko setunggale tiyang saking antarane siro kabeh kang nindakaken amalan ahli surga sehinggo ora ano jarak antarane piyambakipun kaliyan suwarga kejobo sak garis kemawon. Banjur piyambake nglaksanakaken satunggale lelampahane ahli neraka, sehinggo piyambake mlebet neroko. Lan saktemene suwijineng tiyang saking siro kang nindakaken amalan ahli neraka sahingga mboten wonten lagi jarak antara piyambakipun kaliyan neraka kejobo sak garis kemawon, ananging pepesten wonten “al-kitab” sampun ndisiki, mongko piyambake bakal nindakaken perbuatan ahli suwarga, sehingga piyambake mlebet surga.(HR. Tirmidzi).
Hasan Bashri nate disuwuni pirso: “Menopo rahasia zuhud ing dunia?” piyambakipun paring jawaban: ingsun ngerti bilih rezekiku ora bakal ono sing mundut liyane ingsun, mila ingsun tenang babagan rezeki, lan ingsun wis ngerti bilih ilmuku ora bakal ono kang nindakaken liyane ingsun, mila ingsun nungkulaken ing ilmu, ingsun ngerti bilih Allah tansah ngawasi lelampahanku, milo ingsun isin naliko nindakaken maksiat, ingsun ngerti bilih pejah bakal njemput ingsun, milo siapaken bekal kanggo ketemu kaliyan Gusti Allah.”
Akhiripun, mugi kito sedoyo kalebet tiyang ingkang tansah syukur dumateng nikmat rejeki saking Gusti Allah lan saking meniko Allah paring kekuatan nebihi sedoyo perkawis ingkang dipun larang lan istiqomah nindakaken lelampahan sae. Mugi-mugi kito saget mundut pepiling lan hikmah saking dawuh kasebat.
جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ: أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْ
Khutbah II
اَلحَمْدُ لِلّهِ الوَاحِدِ القَهَّارِ، الرَحِيْمِ الغَفَّارِ، أَحْمَدُهُ تَعَالَى عَلَى فَضْلِهِ المِدْرَارِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمِهِ الغِزَارِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ العَزِيْزُ الجَبَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُصْطَفَى المُخْتَار، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ الطَيِّبِيْنَ الأَطْهَار، وَإِخْوَنِهِ الأَبْرَارِ، وَأَصْحَابُهُ الأَخْيَارِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ مَا تُعَاقِبُ اللَيْلَ وَالنَّهَار
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
ADVERTISEMENT BY ANYMIND