• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Jumat, 19 April 2024

Khutbah

Khutbah Jawa : Tiang Ingkang Ketipu

Khutbah Jawa : Tiang Ingkang Ketipu
Tiang ingkang meddik, ternyata tertipu. (Foto: NOJ/Okz)
Tiang ingkang meddik, ternyata tertipu. (Foto: NOJ/Okz)

Sinten Tiang Ingkang Ketipu?

Khutbah I


   اَلْحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،
 أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ   

 

Jamaah Jumat Hafidhakumullah,

Alhmadulillah Allah tasih maringi kito nikmat iman lan kesehatan sahingga tasih saghet ngerawuhi shalat Jumat berjamaah siang meniko. Mugi nopo ingkang kito laksanaaken, shalat jumat berjamaah meniko minongko perwujudan lan bukti bilih kita tasih anggadahi rahos takwa dumateng Allah. Milo monggo ing kesempatan Jumat ingkang sahe meniko kito terus berusaha ngitung-ngitung dateng awak piyambak, nopo seminggu kepengker katah perintah ingkang kito laksanaaken lan nopo tasih katah laranganipun ingkang kito terak. Ing kesempatan Jumat meniko mboten bosen-bosen para khatib ngimutaken saperlu nambahi takwallah meniko. Para khatib selalu nyempataken wasiat dumateng awakipun piyambak lan jamaah ingkang berbahagia, terus nambahi takwallah. Allah sampun ngimutaken, tiang ingkang beriman diperintah takwa dumateng Allah lan empon pejah ananging Muslim. 

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

 

Jamaah Rahimakumullah
Ing kesempatan ingkang berbahagia meniko kaulo mung mindahaken mauidhah utawi pepenget ingkang disampeaken kalian salah setunggal kiai. Mugi panjenengan sedoyo, khususipun kaulo saghet mendhet manfaat. 

 

Setunggal tempo naliko pengaosan diba kubro teng TPQ al-Muhajirin Dusun Sumbersari Deso Sukosari Jogoroto, Jombang, KH Saerozi saking Lamongan cerito bilih wonten 3 golongan tiang ingkang kecelik utawi ketipu.

 

Pertama, tiang ingkang gampang ngetok-ngetoaken kebagusan. Wong sing pingin mulyo tapi ngetok-ngetokno keapikane iku kecelik. “Sebab keapikan iku lek diketokno ora nggarai apik. Justru nggarai elek,’’ dawuhipun Kiai Saerozi. Kosokwangsulipun, keapikan menawi ditutupi, malah nambahi keapikane.

’’Sampean kenalan karo wong, sampean takoni jenenge sopo. Kok deweke jawab: kulo almukarrom kiai haji Soleh. Yo malah diguyu. Kok ora ditambahi almarhum pisan,” dawuhipun Kiai Saerozi ingkang disambut guyu jamaah.

 

Pellok, isipun  pencit menawi ditandur teng lemah lumayan jeru malah bade cukul wit pelem lan mangke saghet woh pencit ingkang katah manfaate.. “Coba pelok iku delehen duwur mejo. Yo sido garing, Mulane wonten unen-unen utawi maqolah, kun ardun fi qodaminnas. Dadio siro bumi digawe sikile menungso. Penjelasanipun, bumi meniko teng nisor. Yo diidak-idak. Ingih diidoni. Tapi regane tambah suwi tambah larang. Padahal bumine ora lapo-lapo.

 

Mulanipun menawi ngelakoni amal sahe, sejatosipun inggih mboten perlu diketokaen dateng tiang sanes, kecuali anggadahi tujuan syiar utawi kersane dados teladan dateng tiang sanes.Dodos conto dumateng anak utawi putra putri kito bilih tiang sepahipun mboten mung ngongkon shalat jamaah, tapi inggih budhal disiki teng masjid. Dados panutan dumateng murid, bilih gurunipun mboten cuman merintah shalat dhuha jamaah, ananging sampun teng mushalla ngentosi poro murid.  “Attawadlu’u la tazidu illa rif’ah. Wong tawadlu niku tambah mulyo. . Wong sing ngelakoni keapikan kelawan diketok-ketokno iku biasane gak biasa ngelakoni apik,” meniko tirose Kiai Saerozi.

 

Hadirian Ingkang Minulyo
Nomer kalih, tiang ingkang ketipu meniko inggih kepingin sugih tapi mboten purun sedekah.. “Bayangane duwek akeh iku lek disimpen. Iku kecelik. Duwek akeh iku lek disedekahno. Assadaqatu la tazidu illa kasran,’’ dawupun kiai meniko.

 

Ing salah setunggal keterangan, saben dalu, malaikat mudhun dateng bumi saperlu dungaaken tiang-tiang ingkang purun sedekah. “Ya Allah, panjenengan ganteni ingkang langkung katah dumateng tiang-tiang ingkang purun sedekah.”

 

Miturut Kiai Saerozi, arto meniko minongko pembantu. Menawi disedekahaken arto meniko orep, goleaken ganjaran dumateng ingkang sedekah. Misalipun arto meniko didamel mbayari guru ngaji, mongko tiang ingkang sedekah meniko angsal ganjaran ngajar ngaji tanpo perlu susah-susah mulang ngaji. ’’Kosok wangsulipun, menawi arto kito terus kito simpen, arto meniko turu. Sampean seneng endi duwe pembantu turu karo pembantu sing kerjo?’’ sindir Kiai Saerozi.

 

Hadirin Rahimakumullah
Tiang ingkang medit, dawuh Kiai Saerozi, sejatosipun luman. Sebab kekayaan ingkang disimpen, naliko piyambaipun sedho, sedoyo  bade dinikmati kalian ahli warisipun. Ananging, tiang ingkang purun lan seneng sedekah, sejatosipun medit. Karanten naliko sampun pejah, mangke sedoyo sedekahipun bade diijeni teng akhirat.

 

Nomor tigo, tiyang kecelik inggih sing anggadahi pengaggep tiyang ruso meniko ingkang saghet ngalahaken musuh utawi jagoan. “Iku kecelik. Sebab musuh sing dikalahno, duwe bolo, duwe konco, duwe keluarga. Masio kalah, koncone, bolone, keluargane pasti balas dendam. Musuhe tambah akeh.

 

Menang ingkang saestu miturut Kiai Saerozi inggih tiyang ingkang purun maringi pangapuro dumateng tiang ingkang nathos ngelakoni kesalahan dumateng kito. Al-afwu la tazidu illa izzan;  maringi pangapuro meniko menambah kemenangan. Musuh disepuro dadi bolo, dulur ora disepuro dadi musuh. 

 

Misalipun musuhan panjenangan tanggi etane griyo lan mboten purun ngapuro, mongko liwat ngajeng griyane mesti males. Musuhan kalawan tanggi ngajeng griyo lan mboten purun nyepuro, liwat teng ngajeng griyane inggih sungkan. Akhire ngiri buntu, nang ngarep yo buntu. Padahal asline ora buntu. Sing buntu atine dewe. Menawi anggadahi musuh, bade nopo mawon mesti repot. Bade mlebet masjid utawi mushalla kok teng lebet wonten musuhe, palih mboten purun teng masjid. Ora dikipatno ngipat-ngipat dewe, tirose bahasane Kiai Saerozi.

 

Bade budhal pengajian utawi teng balai deso kok ningali musuhe inggih berangkat, palih mboten siyos budhal. Milo meniko ingkang langkung sahe lan selamet inggih monggo kito sepuro sedoyo tiang ingkang nathos berbuat salah dumateng kito. Mulane leres nopo ingkang sampun didawuhaken bapak kiai meniko monggo longgaraken manah, paring pangauro dumateng tanggi kito, konco kerjo kito, anak buah kito, anak lan keponakan kito. Jagoan sejati meniko nyepuroan.

 

Lan terakhir, Kiai Saerozi pesen, supadhos antar anak mboten dados musuhan, tiyang sepahipun disuwun mboten mbedaaken anak emas, lan niki sanes anak emas. Mboten angsal bedaaken anak kito teng ngarep anak lintunipun. Sebab manawi tali silaturahmi sampun putus, mangke tali hubungan kelawan Allah ugi pedhot. 

 

Jamaah Ingkang Berbahagia
Kito selalu nyuwun dumateng Allah mugi terus bimbing kito. Perjalanan urip kito tambah berkurang. Jatah kito teng alam dunyo inggih mboten dangu, milo monggo diisi selawan amal ingkang sahe, ngatah-ngatahen sedekah, paring pangapuro dumateng tiang sanes, lan mboten beda-bedaaken anak lan keturunan kito. Insyaallah menawi tiyang sepahipun saghet ngelampahi mekaten, anak-anak kito bade manut. Nopo ingkang bade kito banggaaken naliko sampun sepuh, kecuali mirsani anak-anak rukun, anggadahi keunggulan, lan ngajeni dumateng tiyang sepahipun. Mugo kito bade angsal keluarga ingkang sakinah mawaddah lan rahmah kangge kebahagiaan teng dunyo langkung-langkung mangke teng akhirat.

 

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ: أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ  

 

Khutbah II  

 

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ 

 


Editor:

Khutbah Terbaru