Naskah khutbah meniko mertelaaken bilih malam nisfu Sya’ban niku wektune dungo dipun ijabahi. Monggo naskah meniko saget dipun download utowo dipun bagi saperlu materi Jumatan
Khutbah I:
اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَاعْبُدُواْ اللّهَ وَلاَ تُشْرِكُواْ بِهِ شَيْئاً وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَاناً وَبِذِي الْقُرْبَى وَالْيَتَامَى وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالجَنبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ إِنَّ اللّهَ لاَ يُحِبُّ مَن كَانَ مُخْتَالاً فَخُوراً
Maasyiral Muslimin Rahimakumullah
Wonten dinten Jumat meniko, monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kelawan ngelampahi perintahipun lan nebihi awisanipun. Ampun ngantos kejlumprung howo nafsu sehinggo nulayani perintahe Gusti Allah. Kulo ngajak dumateng kulo piyambak lan panjenengan sedoyo supados sami ajrih dumateng Gusti Allah serto istiqomah anggenipun cecekelan agomo Islam ngantos pejah.
Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad pemimpin lan panuton kito ingkang sampun mbimbing, nggulo wentah ugi nuduhaken dumateng agomo Islam kanti welas asih ugi paring syafaat mbenjeng wonten dinten kiamat. Gusti Allah dawuhaken pentinge takwo:
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Artosipun: He wong mukmin kabeh, podo takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kelawan sejatine takwo, Ian ojo podo pejah siro kabeh, kejobo dados tiyang Islam. (QS. Ali Imran: 102)
Ayat meniko negesaken bilih tiyang ingkang nggadah roso takwo dumateng Gusti Allah niku mboten wantun ngelanggar perintahipun Gusti Allah. Menawi dipun bujuk rayu, dipun gudo, tiyang meniko mboten katut, mboten terpengaruh babar pisan, kranten ing lebet manahipun sampun tumancep roso takwo, roso ajrih, roso isin marang Gusti Allah.
Jamaah Jumat Ingkang Minulyo
Ngelampahi perintah lan nebihi perkawis ingkang dipun cegah meniko kedah dipun sarengi ndungo, nyuwun dumateng Gusti Allah supados kito saget diparingi kekuatan lan sabar ngadepi gudo lan cobaan, diparingi rejeki lancer lan tebih saking kefakiran. Nopo maleh ndungo ing jerone wektu ingkang mulyo kados wektu Jumat, utowo malam nisfu Sya’ban.
Gusti Allah sampun perintah marang kito supados ndungo:
وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ
Artosipun: Gusti Allah, pengeran siro kabeh wis ngendiko: podo nyenyuwuno siro kabeh marang Ingsun, mongko Ingsun bakal nyembadani marang penyuwun siro. Saktemene wongkang podo gumede saking ibadah marang Ingsun, mongko wong iku bakal podo mlebu ing Neraka Jahanam tur podo ino. (QS. Ghafir: 60)
Ayat meniko njelasaken bilih Gusti Allah merintah kito sedoyo supados sregep ndungo, kranten amaliyah ndungo niku salah setunggale tetengere tiyang ngawulo dumateng Gusti Allah. Kosok wangsulipun, tiyang ingkang mboten nate ndungo kalebet tiyang ingkang gumede lan bakal disikso.
Lajeng ing ayat sanes, Gusti Allah dawuh:
وَإِذَا سَأَلَكَ عِبَادِي عَنِّي فَإِنِّي قَرِيبٌ ۖ أُجِيبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ إِذَا دَعَانِ ۖ فَلْيَسْتَجِيبُوا لِي وَلْيُؤْمِنُوا بِي لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُون
Artosipun: Lan arikolone kawula ingsun podo takon tingkah ingsun marang siro Muhammad, mongko jawaben: Ingsun iku celak banget. Ingsun nyembadani penyuwune wong kang podo nyenyuwun marang Ingsun. Mongko podo netepono marang dawuh ingsun, lan podo imano marang Ingsun, supoyo siro kabeh podo merkoleh ing kabeneran. (QS. Al-Baqarah: 186)
Wektu ingkang sae ndungo niku sak sampunipun nindakaken shalat fardhu, shalat sunnah, naliko lungo, naliko jawah, utawi wonten ing saben-saben wektu ingkang mustajab, kados dinten Jumat, malam Nisfu Sya’ban, sholat tengah wengi, lan sak pitunggalane.
Setunggale hadis dawuhaken bilih wektu mustajab ndungo nggih meniko:
قِيلَ يَا رَسُولَ اللَّهِ: أَيُّ الدُّعَاءِ أَسْمَعُ؟ قَالَ: جَوْفَ اللَّيْلِ الآخِرِ، وَدُبُرَ الصَّلَوَاتِ المَكْتُوبَاتِ
Artosipun: Kanjeng Nabi dipun persani, Dungo opo kang luwih dipun mirengaken dening Gusti Allah swt ?. Rasulullah ngendiko: Yoiku dungo kang diaturake ono ing wektu tengah wengi, lan sakwise shalat fardhu (shalat limang wektu). (HR. At-Tirmidzi No. 3499)
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Wonten maleh setunggal hadis riwayat Muslim:
إنَّ في اللَّيْلِ لَسَاعَةً، لاَ يُوَافِقُهَا رَجُلٌ مُسْلِمٌ يَسْألُ الله تَعَالَى خَيْرًا مِنْ أمْرِ الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ، إِلاَّ أعْطَاهُ إيَّاهُ، وَذَلِكَ كُلَّ لَيْلَةٍ». رواه مسلم
Artosipun: Saktemene ingdalem saben wengi iku ono wektu kang ora bakal ketolak dungone wongkang nyuwun marang Gusti Allah perkoro dunyo lan akherate (HR. Muslim)
Tegese saben wengi niku wonten waktu mustajab. Sinten mawon tiyang ingkang sregep ndungo lan nyuwun marang Gusti Allah, bakal gampang dipun ijabahi. Langkung-langkung mlebet malam Nisfu Sya’ban ingkang dipun dawuhaken sebagian ulama:
إِذَا كَانَتْ لَيْلَةُ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ فَقُومُوا لَيْلَهَا وَصُومُوا يَوْمَهَا، فَإِنَّ اللهَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى يَنْزِلُ فِيهَا لِغُرُوبِ الشَّمْسِ إِلَى السَّمَاء الدُّنْيَا، فَيَقُولُ: أَلَا مِنْ مُسْتَغْفِرٍ فَأَغْفِرَ لَهُ، أَلَا مِنْ مُسْتَرْزِقٍ فَأَرْزُقَهُ، أَلَا مِنْ مُبْتَلَى فَأُعَافِيَهُ، أَلَا كَذَا أَلَا كَذَا حَتَّى يَطَّلِعَ الْفَجْرَ
Artosipun: Nalikane wengi Nisfu Sya’ban tumeko, mongko jumenengo ibadah ingdalem wengi lan posoho ing dino iku. Kranten saktemene Gusti Allah nurunaken rohmate ingdalem dino iku awit surupe srengenge ngantos langit dunyo, lajeng Gusti Allah dawuh, ilingo saben sopo wong kang nyuwun ngapuro, mongko bakal ingsun apuro, sopo wong kang nyuwun rejeki, mongko bakal ingsung paringi rejeki, sopo wong kang keno bilahi /cubo gering, mongko bakal ingsun warasaken, ngunu iku ingsun paringi ngantos metune fajar.
Saking keterangan kasebat, monggo kito sregep ndungo ing saben wengi, nopo maleh wektune istimewa, ananging kito kedah netepi 2 syarat nalikane bade ndungo:
Sepindah: kito kedah ngelampahi perintahe Gusti Allah. Khususe ibadah wajib, lan langkung sae maleh dipun lengkapi kaliyan ibadah sunnah. Kaping kalih: kedah nggadah iman sejati, bener-bener yakin dumateng Gusti Allah, mboten bade nyekutoaken Gusti Allah, lan mboten bade percados dumateng sakliyane Allah.
Menawi 2 syarat puniko saget dipun lampahi, insyaallah ndungo ing jerone wengi Nisfu Sya’ban bakal cepet dipun ijabahi Gusti Allah. Mugi-mugi kito sedoyo kalebet tiyang ingkang nggadah iman kiyat lan sregep ndungo ing wengi Nisfu Sya’ban soho husnudzon bakal dipun ijabahi kaliyan Allah.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II:
اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ