• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Minggu, 28 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ojo Wedi Ngelampahi Amal Kesaenan ing Wulan Shofar 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ojo Wedi Ngelampahi Amal Kesaenan ing Wulan Shofar 
Khatib Jumat paring wasiat takwo marang poro jamaah Jumat (Foto:NOJ/karomi)
Khatib Jumat paring wasiat takwo marang poro jamaah Jumat (Foto:NOJ/karomi)

Wulan Shofar sanes wulan ingkang medeni, apes lan nyilakani. Wulan Shofar wulan biasa ingkang saget dipun isi kaliyan amal kesaenan.


Khutbah I:


اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه ، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين


اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا


Jamaah Jumat Rahimakumullah


Monggo kito sareng-sareng ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Supados kita sedoyo pikantuk kawilujengan soho kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhirat. Gusti Allah sampun dawuh:


 يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ


Artosipun: Hei poro menungso! Nyembaho marang pengeran siro kabeh kang wis nitahaken siro lan wong-wong sakdurunge siro kabeh, supoyo siro kabeh kalebet wong kang podo takwo. (Al-Baqarah:21)


Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang paring keteladanan marang kito sedoyo, ingkang kito sedoyo nderek dawuh lan tindak lampahipun, sehinggo kito saget semerap kaliyan ajaran agomo Islam. Ugi, ingkang sami kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjeng dinten kiamat.


Antawisipun bentuk nderek Kanjeng Nabi nggih meniko arupi njungkung ibadah marang Gusti Allah, ngelampahi perintah wajib utawi sunnah, kados sholat limang wektu, sunnah rawatib, poso lan sakpitunggalane. Milo, saking tindak lampah meniko, mugi-mugi kito saget kalebet umat ingkang takwa marang Gusti Allah.


Hadirin Jamaah Jumat Ingkang Minulyo


Wekdal sakmangke sampun mlebet wulan Shofar, wulan kaping kalih saking tahun hijriyyah. Punopo dipun wastani Shofar? keranten bongso Arab naliko semanten sami ngosongaken kegiatane. Ugi wonten ing wulan kasebat, masyarakat sami ninggalaken daerahipun, saperlu bidal perang utawi tindakan.


Kanjeng Nabi dawuh:


لَا عَدْوَى وَلَا طِيَرَةَ وَلَا هَامَةَ وَلَا صَفَرَ وَفِرَّ مِنَ الْمَجْذُومِ كَمَا تَفِرُّ مِنَ الْأَسَدِ


Artosipun: Ora onok ‘adwa, thiyaroh, hamah, shofar, lan mlayuo siro saking wong kang kena kusta (lepra) koyo dene siro mlayu (ngadoh) saking singo. (Riwayat Bukhari lan Muslim)


Tegese ‘adwa meniko percados menawi wonten penyakit ingkang saget nular piyambak, tanpo wonten proses sakderengipun lan tanpo izin saking Allah. Thiyarah meniko percados bilih nasib sae lan nasib olo saksampunipun ningali manuk. Amergi ing masyarakat Jahiliyah wonten mitos menawi wonten tiyang medal saking griyo ningali manuk mabur ing sisih tengenipun, niku tengere pinaringan nasib sae. Kosok wangsulipun menawi ningali manuk mabur ing sisih kiwo, niku tengeripun manggihi nasib awon, milo kedah wangsul.


​​​​​​​Naliko zaman Jahiliyah, katah tiyang ingkang ngeyakini wulan Shofar niku minongko wulan apes utawi tasya’um. Katah tiyang mboten nggadah kekarepan nopo-nopo ing wulan Shofar amergi wulan shofar dipun percados nggadahi nasib olo, jember hinggo nimbulaken ajrih nindakaaken perkawis tertentu.


Padahal, sejatosipun wulan Shofar niku wulan biasa, mboten nyebabaken nasib awon utawi sae. Menawi wonten kedadosan ingkang awon utawi sae wonten lebetipun, meniko sampun kersanipun Gusti Allah, sanes disebabaken wulan Shofar.


Jamaah Jumat ingkang dipun Rahmati Allah

​​​​​​​
Saking pepertelan kasebat, kito kedah imut kaliyan dawuh Gusti Allah:


مَآ أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ فِى ٱلْأَرْضِ وَلَا فِىٓ أَنفُسِكُمْ إِلَّا فِى كِتَٰبٍ مِّن قَبْلِ أَن نَّبْرَأَهَآ ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى ٱللَّهِ يَسِيرٌ


Artosipun: Saben musibah ingdalem bumi lan ingkang mekenani awak siro kabeh iku kecatet ingdalem kitab (lauhul Mahfud) sakdurunge ingsun ngewujudaken. Saktemene mengkunu gampang mungguhe Gusti Allah (QS Al-Hadid, 22).​​​​​​​​​​​​​​​​​​​​​


​​​​​​​Pramilo, wonten setunggale hadis ingkang dipun riwayataken Abu Dawud, Ibnu Majah, ngimutaken kito supados ndedungo :


بِسْمِ اللَّهِ الَّذِي لَا يَضُرُّ مَعَ اسْمِهِ شَيْءٌ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ


Artosipun: Kelawan nyebut asmane Allah, nopo-nopo ingdalem bumi lan langit ora bakal mbahayani kanti nyebut asmane Allah, Gusti Allah dzat ingkang midanget lan ngaweruhi nopo kimawon.


Mugi-mugi kito sedoyo kaliyan Gusti Allah dipun paringi ma’unah, pitulung saget nindaaaken kesaenan wonten wekdal soho panggenan pundi kimawon lan dipun tebihaken saking perkawis olo, awon, lan ciloko. Amiin​​​​​​​


 بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم


Khutbah II:​​​​​​​​​​​​​​


اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا


أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا


. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ


اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


 


Editor:

Khutbah Terbaru