• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Minggu, 28 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tiyang Bati lan Tiyang Rugi

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tiyang Bati lan Tiyang Rugi
Khatib paring wasiat takwo ing ngajenge poro jamaah Jumat (Foto:NOJ/karomi)
Khatib paring wasiat takwo ing ngajenge poro jamaah Jumat (Foto:NOJ/karomi)


Naskah khutbah meniko mertelaken cirine tiyang ingkang bati lan tiyang ingkang rugi dunyo akherat. Monggo naskah meniko saget dipun damel kagem materi khutbah Jumat.

 

Khutbah I:


الحمدُ لله حمدًا كثيرًا طيبًا مُبارَكًا فيه كما يُحبُّ ربُّنا ويرضَى، وأشهدُ أن لا إله إلا الله وحدَه لا شريكَ لَهُ عَظِيمٌ في رُبُوبيَّته وَاُلُوْهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكيمٌ في مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ


اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا


Maasyiral Muslimin Rahimakumullah.


Monggo kito sami ningkataken taqwa lan taat dumateng Allah, wonten ing panggenan pundi kimawon, rame utawi sepi, terang-terangan utawi rahasia, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabegjan saking ngerso Gusti Allah.
 

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun paring kito tupo tulodo arupi akhlaqul karimah ugi pituduh anggenipun ngelampahi syariat agomo kanti bener.


Kito sedoyo sami semerap bilih gesang ing dunyo meniko kedah migunaaken wekdal kanti sae, ibadah kanti tenanan, kranten wekdal ingkang sampun keliwat mboten bade wangsul malih. Gusti Allah dawuh:


إِنَّ ٱلْإِنسَٰنَ لَفِى خُسْرٍ ، إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا ٱلصَّٰلِحَٰتِ وَتَوَاصَوْا بِٱلْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِٱلصَّبْرِ


Artosipun: Saktemene menungso iku mesti bakal rugi, kejobo wong-wong kang podo iman, nindakake amal kesaenan, podo tutur-tinutur ing perkara bener, lan tutur tinutur ing kesabaran.  (Q.S. al-‘Ashr).


Surat al-Ashr niki mertelaaken bilih katah menungso ingkang getunan kranten mboten migunaaken wekdal kanti sae, mboten didamel ibadah, mboten ngelampahi tindak becik, kejobo wongkang podo iman lan ngelampahi kesaenan lan podo pesen babakan perkoro bener lan kesabaran.


Hadirin ingkang minulyo


Saking surat Al-Ashr meniko ngimutaken bilih kulo lan panjenengan kedah ngitung sepinten katah amal kesaenan ingkang sampun dipun lampahi, ugi sepinten katah duso, ugi kalepatan ingkang nate kulo panjenengan tindakaken wonten wekdal puniko. Ibaratipun tiyang dagang, kulo lan panjenengan lajeng saget ngitung bati utawi rugi, untung nopo buntung.


Gusti Allah sampun negesaken ukurane bati utawi rugine menungso, inggih punika: iman, amal salih, nderek perintahipun agomo, lan tansah ningkataken kesabaran. Menungso ingkang mboten purun nindakaken sekawan perkawis puniko dipun jamin mesti rugi. Lajeng ing ayat sanesipun Gusti Allah paring dawuh makaten:


وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن يَعْبُدُ ٱللَّهَ عَلَىٰ حَرْفٍ ۖ فَإِنْ أَصَابَهُۥ خَيْرٌ ٱطْمَأَنَّ بِهِۦ ۖ وَإِنْ أَصَابَتْهُ فِتْنَةٌ ٱنقَلَبَ عَلَىٰ وَجْهِهِۦ خَسِرَ ٱلدُّنْيَا وَٱلْاخِرَةَ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ ٱلْخُسْرَانُ ٱلْمُبِينُ


Artosipun: Lan ing antarane menungso iku onok kang (ngibadah) nyembah marang Allah mung onok ing pinggire wae. Mulo yen deweke merkoleh kebecikan, deweke tentrem atine sebab kebecikan iku. Ananging yen deweke ketekan cubo, deweke mungkuri Gusti Allah (dadi kafir maneh). Deweke iku rugi dunyo lan akhirat. Mengkunu iku kerugian kang gede banget. (Q.S. al-Hajj, 22: 11).


Ayat-ayat puniko nuduhake bilih iman ingkang setengah-setengah dumateng Allah, amal tumindak ingkang ngelanggar agomo, tindak lampah grusah-grusuh, mboten ati-ati, sedoyo punika namung bade ngasilaken kerugian ingkang ageng. 


Contonipun katah sanget, kados kerep ngelarani tiyang sanes, remen tumindak maksiat, shalat ingkang sering telat, zakat ingkang mboten nate dipun bayaraken, akal lan manah tansah dipun kotori dening nafsu, amal tumindak ingkang ngelanggar agomo panggah dipun lampahi. Sedoyo contoh punika estu-estu ndadosaken kulo lan panjenengan rugi dunyo akhirat.


Pramilo saking puniko monggo ing wekdal punika, amalan kito sareng-sareng dipun titi-pirso lan dipun gunaaken sak sae-saenipun. Khususe kagem tindak lampah ingkang manfaati dumateng agomo, keluargo, masyarakat, negoro kedah dipun tingkataken.


Jamaah Jumat ingkang minulyo


Wonten ing setunggale hadis dipun sebataken:


عَنْ عَلِيِّ بْنِ حُسَيْنٍ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِنَّ مِنْ حُسْنِ إِسْلَامِ الْمَرْءِ تَرْكَهُ مَا لَا يَعْنِيهِ


Artosipun: Diriwayataken saking Ali bin Husain, piyambake dawuh, Rasulullah ngendiko: Saktemene setengah saking apike Islame awak-awakan yoiku ninggal perkoro kang ora manfaati (HR. Tirmizi)


Hadis niki paring pepertelan bilih kesaenan tiyang Islam niku dipun tingali saking kemampuane ninggal perkawis ingkang ora manfaati, saget saking ucapan lan tindakane. Umpami remen ghibah, ngapusi, gunem elek, lan perkawis awon lintune, mongko tiyang niku mboten kalebet sae.


Akhiron, mugi-mugi kito sedoyo dipun paringi gampang ngelampahi kesaenan ingdalem wekdal pundi kimawon. Lan saget kecatat tiyang Islam ingkang bati amergi migunaaken wekdal kanti sak sae-saenipun. Amiin.


ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ : ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ إِنَّ ٱلْإِنسَٰنَ لَفِى خُسْرٍ ، إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا ٱلصَّٰلِحَٰتِ وَتَوَاصَوْا بِٱلْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِٱلصَّبْرِ


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


Khutbah II:


اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ ,


أَمَّا بَعْدُ: فَيَا َعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 

اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Editor:

Khutbah Terbaru