• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Sabtu, 27 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngisi Umur kelawan Amal Kesaenan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngisi Umur kelawan Amal Kesaenan
Khatib Jumat paring wasiat marang poro Jamaah Jumat (Foto:NOJ/karomi)
Khatib Jumat paring wasiat marang poro Jamaah Jumat (Foto:NOJ/karomi)

Teks khutbah meniko mertelaaken pentinge ngisi umur kelawan amal kesaenan amargi umur menungso mboten bade wangsul maleh.  Sedoyo tiyang wonten alam dunyo dipun perintah supados ngisi umur kelawan aktifitas ingkang saget manfaati,  tur migunani khususe dumateng agomo, keluarga lan masyarakat. Monggo didowload kagem sinten kimawon ingkang ngersaaken materi khutbah meniko.


Khutbah I:


الحمدُ لله حمدًا كثيرًا طيبًا مُبارَكًا فيه كما يُحبُّ ربُّنا ويرضَى، وأشهدُ أن لا إله إلا الله وحدَه لا شريكَ لَهُ عَظِيمٌ في رُبُوبيَّته وَاُلُوْهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكيمٌ في مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ


امَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا الله حقَّ التقوَى، وَقَالَ تَعاَلَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ


Jamaah Jumat Rahimakumullah


Monggo kito sami takwo dumateng Gusti Allah wonten ing panggenan pundi kimawon, sepi utawi rame, susah utawi bungah, kranten saking takwo kito saget pikantuk rohmat lan ridone Gusti Allah.


Sholawat serto salam mugi tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten akhirat, panggenan ingkang sejati. Amergi gesang wonten dunyo niku namung sekedap lan dados panggenan guyonan kimawon.


Gusti Allah dawuh:


وَمَا هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَهْوٌ وَلَعِبٌ  وَإِنَّ الدَّارَ الْآخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ 


Artosipun: Ora ono urip ing dunyo iku kejobo guyon lan dolanan. Lan saktemene akhirat iku sejatine panguripan, lamun siro kabeh podo ngerti (Al-Ankabut, 64)


Ayat meniko negesaken bilih gesang ing dunyo niku sejatine namung mampir ngunjuk tuyo, mampir sekedap, ameng-amengan, mboten langgeng. Pramilo, umure tiyang gesang wonten dunyo niku nggih sekedap lan dipun imutaken bilih akhirat niku ingkang dados panggenan sejati, selawase.


Jamaah Jumat Ingkang Minulyo


Ayat kasebat ugi ngimutaken dateng kito sedoyo supados inggal cancut taliwondo ngisi umur wonten dunyo kelawan amal kesaenan. Sebab katah sanget tiyang ingkang ngangguraken waktune, malah didamel dolanan kimawon, remen persulayan, ngapusi, maksiat. Padahal sedoyo niku bakale dipun pertanggungjawabaken mbenjang dinten kiamat. Kanjeng Nabi dawuh:


ألا كُلُّكُمْ راعٍ، وكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ


Artosipun: Ilingo, saben siro kabeh iku wong kang angon, lan saben siro kabeh bakal ditakoni saking angonane (HR. Muslim)


Sebagian ulama njelasaken wong angon teng hadis meniko maksude tiyang ingkang dipun paringi amanah, misale pemimpin kedah tanggungjawab ingatase rakyate, wong tuo kedah tanggungjawab ingatase putro-putrone, tiyang alim kedah tanggungjawab ingatase umate, tiyang sugeng kedah tanggungjawab ingatase tindak lampahe. Milo, sedoyo tanggungjawab niku wau bakal ditangletaken wonten ngersane Gusti Allah.


Katah sanget tindak lampah ingkang saget manfaati ing antawisipun: tolong-tinolong, pesen kebecikan, ucapan sae, rukun, tepo sliro. Nalikane wonten tiyang ingkang kesusahan, mongko dipun bungahaken penggalihe lan nalikane wonten tiyang nyuwun tulung, mongko dipun tulungi, lan saling wasiat kelawan perkawis ingkang bener.


Gusti Allah sampun dawuh wonten surat al-Asr:


وَالْعَصْرِۙ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍاِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ


Artosipun: Demi mongso, saktemene menungso iku ingdalem getunan, kejobo wongkang podo iman lan amal soleh lan podo paring nasehat kelawan bener lan sabar.


Ayat meniko pertelo sanget, kito sedoyo kedah nggunaaken umur, mongso ingkang sekedap kelawan perkawis ingkang manfaati, sakderenge getunan, kranten wektu mboten bade balik maleh. Saling ngimutaken antawisipun sederek, paring nasehat lan pitutur kedah dipun biasaaken tanpo rumongso nggurui.


Jamaah Ingkang Minulyo

​​​​​​​
Wonten setunggale dawuh Kanjeng Nabi nalikane dipun suwuni pirso poro sahabat:


يَا رَسُولَ اللَّهِ مَنْ خَيْرُ النَّاسِ قَالَ : مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ


Artosipun: Duh Kanjeng Nabi, sinten tiyang ingkang langkung sae? Kanjeng Nabi ngendiko: Wong kang dowo umure lan bagus amale  (HR: Tirmidzi)


Hadis niki saget dipun pahami, tiyang ingkang sae niku ingkang pinaringan umur dowo kanti dipun isi kaliyan amal kesaenan, dipun isi kaliyan perkawis ingkang manfaati lan migunani dateng tiyang lintu.


​​​​​​​Sinaoso mekaten, tiyang ingkang pinaringan umur pendek ananging nalika gesange dipun isi kaliyan amal kesaenan nggih kalebet tiyang ingkang sae. Setunggale dawuh saking Syekh Ahmad ibn Atha'illah as-Sakandari ing kitab al-Hikam:


رُبَّ عُمُرٍ اتَّسَعَتْ آمادُهُ وَقَلَّتْ أمْدادُهُ، وَرُبَّ عُمُرٍ قَليلَةٌ آمادُهُ كَثيرَةٌ أمْدادُهُ


​​​​​​​Artosipun: Terkadang umur dowo ananging mboten manfaati, lan terkadang umur pendek ananging katah manfaate.


Walhasil, umur dowo utawi umur pendek niku sedoyo sami bakal dipun suwun pertanggungjawabane; tiyang ingkang umure dowo lan umure pendek niku sedoyo sampun ngelampahi nopo mawon?. Syukur-syukur umure dowo dipun isi amal kesaenan.


​​​​​​​Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan umur dowo lan gangsar anggenipun ngelampahi kesaenan lan pikantuk pitulung saking Gusti Allah ingatase istiqomah ngelampahi perkawis ingkang manfaati lan migunani. Amiin​​​​​​​


أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ  وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ . بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكمُ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيُم


Khutbah II:


 إنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.


اما بعد: يَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا


اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.


 اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. إنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ, وَقَاضِى الْحَاجَاتِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِاُمَةِ سَيِّدِنا مُحَمَّدٍ. وَارْحَمْ أُمَّةَ سَيِّدِنا مُحَمَّدٍ. وَأَصْلِحْ أُمَّةَ سيدنا مُحَمَّدٍ. اَللّٰهُمَّ انْصُرْهُمْ عَلَى أَعْدَائِهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِعَمَلٍ صَالِحٍ يَنفَعُهُمْ فِى دُنْيَاهُمْ وَأُخْرَاهُمْ. اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا وَعُلَمَائَنَا وَزُعَمَائَنَا وَاجْعَلْ هِمَّتَهُمْ فِى اِزَالَةِ الْمُنْكَرَاتِ وَالْمَعَاصِى وَاهْدِهِمْ سَبِيْلَ الرَّشَادِ


 اللَّهُمَّ ارْفَعْ وَادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْن وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْعَفْوَ والْعَافِيَةَ وَالْمُعَافَاةَ الدَّائِمَةَ فِى الدِّيْنِ وَالدُّنْيَا وَالْآخِرَةَ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيأ حَسَنَةً, وَفِى ألآخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعّالّمِيْنَ


عِبَادَ اللَّهِ. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

​​​​​​​


Editor:

Khutbah Terbaru