• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Selasa, 19 Maret 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Poso Romadhon Kanti Tenanan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Poso Romadhon Kanti Tenanan
Jamaah sedang mendengarkan adzan ketika akan dimulai khutbah Jumat (Foto:NOJ/Karomi)
Jamaah sedang mendengarkan adzan ketika akan dimulai khutbah Jumat (Foto:NOJ/Karomi)

Poso minongko ibadah ingkang sampun nate dilampahi umat siyen lan ngajeng-ngajeng supados kalebet umat ingkang takwo.


Poso kanti tenanan niku kados dene nebihi rasan-rasan, goroh, adu domba. Sumonggo khutbah meniko saperlu didamel lan disebaraken damel materi khutbah Jumat.


Khutbah I:


الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِأَنْفُسِناَ وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَمَنْ لَمْ يَجْعَلِ اللهُ لَهُ نُوْرًا فَمَا لَهُ مِنْ نُوْرٍ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحُمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ


 أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. يَا أَيُّهَا الّذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ


Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah


Monggo kito sami taqwo lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing panggenan pundi kemawon kawontenan kito, rame utawi sepi, kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah.

​​​​​​​
Shalawat serto salam  mugi keaturaken dumateng Kanjeng Nabi ingkang sampun paring tupo tulodo kesaenan lan nuduhaken marang dalan ingkang padang lan dipun trisnani Gusti Allah. Mugi-mugi kito sedoyo saget kalebet umatipun ingkang pikantuk syafaat. Gusti Allah dawuh:


قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ


​​​​​​​Artosipun: Ngucapo siro (Muhammad marang kaum), lamun siro kabeh trisno marang Allah, lajeng ngenut siro kabeh marang ingsun, mongko Allah trisno marang siro kabeh lan ngapuro duso siro kabeh, Gusti Allah iku dzat akeh ngapuro lan welas asihe (Ali Imran: 31)


Misal, sakmangke kito wnten lebete poso wulan Ramadhan katah kesaenan ingkang saget diunduh. Miturut Al-Qur’an, poso niku setunggale ibadah ingkang sampun lami, ingkang dipun tindaaken umat siyen. Gusti Allah dawuh:


يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ


​​​​​​​Artosipun: Hai wong-wong kang podo iman, diwajibake ingatase siro kabeh poso kang wis diwajibake ingatase wong-wong (umat) sakdurunge siro kabeh, supoyo siro kabeh podo taqwa. (Al-Baqarah 183)


Saking ayat meniko ngimutaken dateng kito sedoyo ingkang sampun biasa ngelampahi poso wulan Ramadan punika ampun ngantos poso kito namung ngempet dahar lan ngunjuk kemawon, nanging kedah poso tenanan lan soyo taqwo dumateng Gusti Allah.


Jamaah Jumat ingkang Minulyo 


Punopo maksudipun kedah poso tenanan? nggih meniko poso ingkang dilampahi kanti ikhlas, lan nebihi perkawis ingkang ngerusak poso. Kranten katah tiyang ingkang ngelampahi poso namung angsal ngelak lan luweh. Setunggale hadis dawuhaken: 


عَنْ أَبِي هريرة قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّي اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ رُبَّ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إَّلا الْجُوْعِ وَرُبَّ قَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ قِيَامِهِ إِلَّا السَّهَر


​​​​​​​Artosipun: Dipun riwayataken saking Abu Hurairah, Kanjeng Nabi dawuh, pirang-pirang wong poso ora oleh ganjaran, kejobo luwe lan ngelak. Pirang-pirang wong sholat wengi ora oleh ganjaran, kejobo ngelilir wengi mawon (HR An-Nasai).


​​​​​​​Dawuh niki mertelaaken bilih poso punika mboten namung ngempet ngelak lan luwe, ananging ugi nggulo wentah jasmani lan ruhani. Kelawan poso kito kedah ngelatih sabar, lan ngempet sedoyo kekarepan keenakan ingkang saget mengku doso ingkang dados kesenengane howo nafsu.


​​​​​​​Pramila, poso kito ampon ngantos namung nebihaken tutuk (mulut) saking perkawis ingkang arupi daharan lan inuman kemawon, ananging ingkang langkung penting nggih meniko njogo tutuk saking perkawis ingkang awon, kados guneman olo, ghibah, adu-adu lan goroh.


​​​​​​​Tetenger poso kanti tenanan ugi saget ditingali saking kados pundi kito ngatahaken njungkung ibadah sunnah, kados shalat tarawih, tadarus Al Qur’an, pengaosan kitab, mekaten ugi amal sosial, kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, ngabekti dateng tiyang sepuh, welas asih dateng sederek lan sanesipun, ingkang sedoyo wau saget kita raosaken, saget meningkat ketimbang wekdal sanesipun wulan Ramadhan.


Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah

​​​​​​​
Wonten setunggal perkawis ingkang penting sanget ingdalem bab poso, nggih meniko daharan lan unjukan kedah halal. Tegese, kito kedah atos-atos nalikane bade buko lan saur, ugi waspodo saking pundi daharan niku. Menawi tumbas, kedah ditingali riyen sinten tiyang ingkang nyade panganane.


​​​​​​​Pramilo, tiyang ingkang poso Romadhon kedah estu niti pirso lan waspodo mulai saur ngantos buko, mulai wungu ngantos tilem, mulai serawungan ngantos wangsul ndalem pirambak-piyambak. Kranten sedoyo niku menawi luput, bakal nukulaken duso lan nyiderani ganjarane poso.


​​​​​​​Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk pitulung saking Gusti Allah ingatase nindaaken kesaenan lan istiqamah ngelampahi ibadah kanti ikhlas, lan saget kalebet kawulane Gusti Allah ingkang sregep poso.


أعوذ بالله من الشيطن الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم، وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ  إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ


بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم


Khutbah II:


اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا  


أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا


 اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ  

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ


عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor:

Khutbah Terbaru