• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Sabtu, 27 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Rejeki Ingkang Barokah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Rejeki Ingkang Barokah
Khatib paring wasiat takwo ilalLah marang poro jamaah Jumat (Foto:NOJ/karomi)
Khatib paring wasiat takwo ilalLah marang poro jamaah Jumat (Foto:NOJ/karomi)

Naskah khutbah meniko mertelaaken rejeki ingkang barokah supados dipun pahami lan dilaksanaaken. Amergi katah tiyang ingkang keliru carane nyukuri rejeki hinggo nimbulaken iri dengki saking tiyang lintu.


Khutbah I:


اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين


أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا


Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah


Monggo kito sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kelawan ngamalaken perkawis ingkang dipun perintahaken kados dene ngelampahi kesaenan, lan nebihi sedoyo awisanipun kados tumindak maksiat.


Shalawat serto salam mugi tansah keaturaken dumateng Nabi kito, Kanjeng Nabi Muhammad, keluarga, sahabat-sahabat, sarta  sedoyo pengikutipun ngantos akhir zaman.


Gusti Allah dawuh:


قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ


Artosipun: Ngucapo siro Muhammad, lamun siro kabeh ngaku demen marang Gusti Allah, ngenuto siro kabeh marang ingsun, mongko Gusti Allah bakal demen marang siro kabeh lan bakal ngapuro duso siro kabeh, saktemene Gusti Allah iku moho pengapuro lan welas asih (Ali Imran: 31)


Jelas sanget dawuh meniko bilih sinten kimawon menawi ngersaaken saget dipun demeni kaliyan Gusti Allah, kedah ngawiti demen riyen marang Kanjeng Nabi Muhammad. Amergi saking demen meniko saget mbuka lawang rahmate Gusti Allah.


Jamaah Jumat Ingkang Minulyo


Allah sampun paring janji bilih saben-saben makhluk wonten dunyo estu kejamin rejekine saking Gusti Allah. Tegese makhluk saking golongan menungso ingkang dados makhluk ingkang dimuliaken, ugi makhluk saking golongane rojokoyo,  sedoyo sampun Gusti Allah jamin rejekine. Allah ngendiko:


وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللَّهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا كُلٌّ فِي كِتَابٍ مُبِينٍ 


Artosipun: Lan ora ano  sawijining gegremetan (makhluk) ing bumi kejobo Allah ingkang  paring rejekine, lan Allah mirsani saben papan panggonane lan pangane. Sedoyo sampun katulis ing kitab kang nyoto (Lauh mahfuzh). (QS. Hud: 6)


Tegese rejekine makhluk estu sampun dijamin Gusti Allah, kedah diyakini bilih Gusti Allah ingkang ngatur sedoyo. Rejeki meniko mboten cekap dipun pahami materi utawi bondo kimawon, ananging kesarasan, kekuatan tumindak kesaenan, saget dahar, saget ambekan, lan sak pitunggalane nggih termasuk rejeki saking Gusti Allah.


Jamaah Jumat Ingkang Dipun Rohmati Gusti Allah


Kedah kito pahami nalika mapak rejeki kang sampun ditakdir Gusti Allah, saben muslim kedah nggadah prinsip milah lan milih rejeki ingkang halal, kedah ati-ati, mboten sembarangan.


Ibnu Katsir nerangaken Surat Hud wonten inggil: “Gusti Allah paring kabar bilih rejeki sedoyo makhluk sampun dipun jamin, saking sedoyo rojokoyo ing bumi, gede-cilik ing daratan utawa lautan.” 


Lajeng miturut Syaikh As Sa’dy, “Maksudipun sedoyo kang mlaku ing bumi, saking  golongan menungso utawi kewan darat utawi laut, niku Gusti Allah sampun njamin rezeki lan panganipun, sedoyo ditanggung dining Allah.”


Keterangan meniko dipun tegesake malih wonten Al-Ankabut, 60:


 وَكَأَيِّنْ مِنْ دَابَّةٍ لا تَحْمِلُ رِزْقَهَا الله يَرْزُقُهَا وَإِيَّاكُمْ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ 


Artosipun: Lan katah bangsa kewan kang ora (mampu) ngurus rejekine.  Gusti Alllah kang paring rejeki tumrap deweke lan tumrap sira kabeh, lan Gusti Allah Moho Mireng ugi Moho Waspada. 


Hadirin Ingkang Bahagio


Ayat kasebat wonten inggil meniko paring pemahaman bilih rejeki makhluk niku sampun kecatet wonten lauh Mahfud. Tegese, mboten badhe satunggale tiyang angsal rejeki kejobo sampun ditakdir Gusti Allah.


Sinaoso mekaten, bab rejeki kedah estu dipun syukuri. Ampun ngantos malah ngufuri rejeki. Kranten Gusti Allah dawuh:


وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ


Artosipun: Lan nalikane pengeran siro kabeh paring maklumat, saktemene lamun siro kabeh podo syukur (nikmat), mongko ingsun bakal nambahi. Lan lamun siro podo kufur (nikmat) saktemene sikso ingsun iku abot tenan. (Ibrahim: 7)


Ayat meniko paring pepiling kagem sinten kimawon ingkang angsal rejeki ageng utawi alit kedah dipun syukuri. Saking syukur meniko saget mbarokahi rejeki ingkang kito tampi. Carane nyukuri antawisipun arupi paring nafaqoh, sodaqoh, zakat, mbantu tiyang ingkang kesusahan, loman marang tiyang lintu.


Mboten malah keliru coro nyukuri rejeki, kados pamer, sombong, hinggo nimbulaken fitnah lan dengki saking tiyang sanes. Ujung-ujunge ndadosaken rejekine mboten barokah.


Mugi-mugi kito sedoyo kalebet tiyang ingkang tansah syukur dumateng nikmat rejeki saking Gusti Allah lan diparingi kekuatan nebihi sedoyo perkawis ingkang dipun larang lan istiqomah nindakaken lelampahan sae. Mugi-mugi kito saget pikantuk rejeki ingkang barokah. Amiin


 جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ: أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا   باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْم


Khutbah II:


اَلحَمْدُ لِلّهِ الوَاحِدِ القَهَّارِ، الرَحِيْمِ الغَفَّارِ، أَحْمَدُهُ تَعَالَى عَلَى فَضْلِهِ المِدْرَارِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمِهِ الغِزَارِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ العَزِيْزُ الجَبَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُصْطَفَى المُخْتَار، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ الطَيِّبِيْنَ الأَطْهَار، وَإِخْوَانِهِ الأَبْرَارِ، وَأَصْحَابهِ الأَخْيَارِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ الى يومِ الحَشْرِ


 أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 


اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِينَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
 


Editor:

Khutbah Terbaru