• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Minggu, 28 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautamaane Nggadah Ilmu

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautamaane Nggadah Ilmu
Jamaah Jumat mirengaken khutbah (Foto:NOJ/karomi)
Jamaah Jumat mirengaken khutbah (Foto:NOJ/karomi)

Naskah khutbah meniko mertelaaken fadilah utowo kautamaane duwe ilmu, katah tiyang ingkang mboten imut kaliyan kautamaane duwe ilmu, sebab ketungkul ngejar bondo dunyo. Monggo naskah meniko saget dipun sebar saperlu damel khutbah Jumat wonten panggenane piyambak-piyambak.

 

Khutbah I:


اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين


أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا


Maasyiral Muslimin Rahimakumullah 


Monggo kito sami ningkatake takwo dumateng Gusti Allah kanti ajeg istiqomah ngelampahi perintahipun lan nebihi awisanipun ing panggenan pundi kimawon, rame utawi sepi, samar utawi katon. Amergi saking penggawe takwo meniko kito saget pikantuk rido lan pengapuro saking Gusti Allah.
 

Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, sahabat lan keluargone ingkang dados panutan kito ingdalem agomo Islam. Tupo tulodo lan kesaenan ingkang dipun contohaken dados cecekelan kito sedoyo, kranten saking Kanjeng Nabi Muhammad, kito sedoyo saget pikantuk barokah lan pituduh tumuju marang dalan ingkang padang. Nderek pituduhe Kanjeng Nabi minongko dados pertondo takwo marang Gusti Allah.


Gusti Allah dawuh:


يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ 


Artosipun: Hei wongkang podo iman, podo takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kelawan takwo tenanan, lan ojo podo mati siro kabeh kejobo podo mlebu Islam. (Ali Imran, 102)


Wonten tafsir Ibnu Katsir dipun jelasaken maksud takwo tenanan nggih meniko penggawe taat, manut perintah lan ajrih dumateng Gusti Allah, mboten bade maksiat, mboten bade kufur nikmat, lan mboten bade supe marang Gusti Allah.


Hadirin Ingkang Minulyo


Agomo Islam dipun turunaken dumateng kito minongko dados ilmu lan pituduh ingkang jejeg, leres, bener sehinggo nalikane ibadah saget ngertos tata carane parek marang Gusti Allah. Makane niku kito dipun perintah sinau supados ibadahe sah lan ketompo.​​​​​​​


Pentinge sinau, pados ilmu dipun dawuhaken Kanjeng Nabi:


طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ


Artosipun: Pados ilmu iku wajib ingatase saben wong Islam (HR. Ibnu Majah)


Hadis niki mertelaaken saben tiyang Islam niku kedah sinau, kedah pados ilmu, kranten tiyang ingkang nggadah ilmu bakale nggadah kemulyaan, saget ngemong, mbimbing masyarakate supados njungkung ibadah marang Gusti Allah, lan saget nuduhaken marang perkawis ingkang bener. Utamane ilmu ingkang dipun kersaaken wonten hadis meniko nggih meniko ilmu agomo.


Gusti Allah dawuh:


قُلْ هَلْ يَسْتَوِى الَّذِيْنَ يَعْلَمُوْنَ وَالَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ ۗ اِنَّمَا يَتَذَكَّرُ اُولُوا الْاَلْبَابِ ​​​​​​​


Artosipun: Ngucapo siro Muhammad, opo toh podo, antarane tiyang-tiyang ingkang nggadah ilmu kaliyan tiyang-tiyang ingkang mboten nggadah ilmu? Saktemene tiyang ingkang saget ngalap pepiling (pelajaran) niku tiyang ingkang nggadah akal sehat (QS Az Zumar, 39: 9)


Ayat meniko pertelo sanget maksude, bilih tiyang ingkang nggadah ilmu niku mboten sami kaliyan tiyang ingkang bodoh. Amergi tiyang ingkang nggadah ilmu niku akale dipun gunaaken mikir, saget mbedaaken antarane perkawis haq lan batil. Bedo kaliyan tiyang bodoh lan mboten nggadah ilmu kaprahe sering kejlumprung ugi njelumprungno tiyang lintu.


Jamaah Jumat Ingkang Bahagio


Tiyang ingkang nggadah ilmu niku bakal pikantuk kamulyaan, nopo maleh nggadah ilmu agomo, sebab tiyang ingkang paham agomo mboten gampang keliru nalikane ibadah marang Gusti Allah. Piyambake semerap bab sesuci, wudhu, sholat, poso, lan sakpitunggalane. Sinaoso mekaten, sinau ilmu umum nggih penting, supados babakan dunyo lan agomo kekalihe didasari kaliyan ilmu.


Imam Syafi’i dawuh:


مَنْ أرَادَ الدُّنْياَ فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ، وَمَنْ أرَادَ اْلآخِرَةَ فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ​​​​​​​


Artosipun: Sopo wonge ngersaaken mulyo dunyane, mongko kudu duwe ilmu, lan sopo wonge ngersaaken mulyo akhirate, mongko kudu duwe ilmu


Dawuh meniko sampun jelas, sinten kimawon ngersaaken mulyo dunyo lan akhirate kedah nggadah ilmu. Pramilo, monggo kito semangat sinau, belajar, pados ilmu, utamane ilmu agomo ingkang dados pondasi lan mbentengi akidah kito, supados mboten gampang kejlumprung marang dalan peteng, sesat. Sak sampune mantun sinau babakan agomo, kito lengkapi kaliyan sinau ilmu dunyo supados kekalihe pikantuk kamulyan.​​​​​​​


Mugi-mugi kito sedoyo diparingi gangsar anggenipun sinau, lan pados ilmu, lan mboten anggur-angguran kimawon. Mugi-mugi kito kalebet tiyang ahli ilmu lan ngamalaken ilmu ingkang sampun kito sinaui. Amiin.


ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ  ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ: والعَصْرِ، إِنَّ ٱلْإِنسَٰنَ لَفِى خُسْرٍ ، إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا ٱلصَّٰلِحَٰتِ وَتَوَاصَوْا بِٱلْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِٱلصَّبْرِ


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


Khutbah II:


اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ ,


أَمَّا بَعْدُ: فَيَا َعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ


اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِيْمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ واشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Editor:

Khutbah Terbaru