• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Kamis, 25 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ningkataken Ibadah lan Kesaenan ing Wulan Rajab

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ningkataken Ibadah lan Kesaenan ing Wulan Rajab
Rajab iku wulane Allah, Sya'ban iku wulanku, lan Ramadhan iku wulane umatku. (Foto:NOJ/NU Network)
Rajab iku wulane Allah, Sya'ban iku wulanku, lan Ramadhan iku wulane umatku. (Foto:NOJ/NU Network)

اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ وَفَّقَ مَنْ شَاءَ مِنْ خَلْقِهِ بِفَضْلِهِ وَكَرَمِهِ. وَخَذَلَ مَنْ شَاءَ مِنْ خَلْقِهِ بِمَشِيْئَتِهِ وَعَدْلِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَلَا شَبِيْهَ وَلَا مِثْلَ وَلَا نِدَّ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا وَقُرَّةَ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَفِيُّهُ وَحَبِيْبُهُ. اَللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ. وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَّالَاهُ. وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 

أمَّا بعْدُ: فيَا أَيُّهَا النَّاسُ, اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ.

 

Maasyiral Muslimin Rahimakumullah
Monggo sareng-sareng ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo printahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Supados kito sedoyo saget pikantuk rahmatipun Gusti Allah soho kabejan wonten ing dunyo ngantos akhirat. Kedah kito mangertosi bilih takwa meniko minongko benteng, pager kito supados mboten kebujuk gudone howo nafsu lan setan.
 

Hadirin Rahimakumullah
Alhamdulillah, kanti anugerahipun Gusti Allah kito sakmangke melebet wonten wulan Rajab ingkang kebak berkah lan kesaenan. Wulan Rajab meniko wulan istimewa. Sayyid Abu Bakar Syato dawuh wonten kitab I‘anatut Thalibin bilih Rajab meniko kacetak (musytaq) saking lafal  al-tarjiib (التَّرْجِيْب) ingkang maksudipun ngagungaken utawi mulyaaken. Masyarakat Arab zaman rumiyen mulyaaken wulan Rajab ngungkuli wulan-wulan lintunipun.
 

Wulan Rajab ugi dipun sebat al-ashobb (الأَصَب) ingkang artosipun kemesok utawi ngucur. Amergi saking deresipun tetesan kesaenan wonten wulan Rajab meniko. Rajab saget ugi dipun kenal kaliyan sebutan al-Ashomm (الأَصَم) maknonipun tuli utawi budeg. Kranten mboten dipun pireng suwanten senjata pasukan perang wonten wulan Rajab. Gusti Allah nyebataken Rajab dados salah setunggalipun wulan harom tegese wulan ingkang dipun mulyaaken.

 

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ (التوبة: ٣٦)

 

Artosipun: Saktemene wilangan wulan mungguhe Gusti Allah iku rolas, ing dalem kepastiane Gusti Allah nalikane nyiptaaken langit lan bumi, setengah saking rolas wulan niku sekawan wulan ingkang haram. (Q.S. at-Taubah: 36).​​​​
 

Wulan harom tegese inggih meniko sekawan wulan mulyo saklintunipun Ramadhan, inggih meniko Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram soho Rajab. Alasane dipun sebat wulan harom kranten wonten wulan-wulan meniko umat islam dipun larang perang, kejawi menawi musuh milai perang rumiyen. Lajeng haromipun nindaaken maksiat wonten wulan-wulan meniko langkung ageng dusonipun dibandingaken wonten wulan lintunipun.
 

Imam Suyuti ngutip dawuhe kanjeng Nabi Muhammad:

 

رَجَبُ شَهْرُ اللَّهِ وَشَعْبَانُ شَهْرِى وَرَمَضَانُ شَهْرُ أُمَّتِى

 

Artosipun: Rajab iku wulane Allah, Sya’ban iku wulanku, lan Ramadhan iku wulane umatku 
 

Rajab wulane Gusti Allah tegese wulan ingkang dipun hurmati soho dipun agungaken. Kanjeng Nabi sanget ngurmati wulan Rojab meniko. Ngantos-ngantos naliko wulan Rajab dumugi, panjenenganipun bade pados berkahipun wulan Rajab kanti maos dungo:

 

اَلَّلهُمَّ بَارِكْ لَنَا في رَجَبَ وَ شَعْبَانَ وَ بَلِّغْنَا رَمَضَانَ

 

Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun berkah wonten wulan Rajab lan wulan Sya’ban, lan panjenengan paring kulo panjang umur hinggo menangi wulan Ramadhan (Imam Ahmad).

 

Abu Bakr al-Balkhi rahimahullah ngendiko:

 

شَهْرُ رَجَبَ شَهْرُ الزَّرْعِ وَشَهْرُ شَعْبَانَ شَهْرُ سَقْيِ الزَّرْعِ وَشَهْرُ رَمَضَانَ شَهْرُ حِصَادِ الزَّرْعِ

 

Artosipun: Rajab iku wulane nandur. Sya’ban iku wulane nyiram tanduran. Lan Ramadhan iku wulane manen (Fatwa Al-Islam Sual wa Jawab)

 

Saking dawuh meniko, posisi wulan Rajab dados kuncinipun wulan-wulan sae engkang dumawah sak sampunipun. Panjenenganipun Al-Balkhi ugi dawuh, “Rajab iku koyo angine, Sya’ban iku mendung, lan Ramadhan iku udane”.

 

Maasyiral Muslimin Ingkang Sami Bahagio
 

Saking banget mulyanipun wulan Rajab sehinggo wonten riwayat ingkang jelasaken bilih malam setunggal Rajab yoiku salah setunggal wengi ingkang mustajab kagem pinten-pinten dungo. Kados keteranganipun Imam Syafi’i wonten kitab Al-Umm:

 

 بَلَغَنَا أَنَّهُ كَانَ يُقَالُ: إِنَّ الدُّعَاءَ يُسْتَجَابُ فِي خَمْسِ لَيَالٍ: فِي لَيْلَةِ الْجُمُعَةِ، وَلَيْلَةِ الْأَضْحَى، وَلَيْلَةِ الْفِطْرِ، وَأَوَّلِ لَيْلَةٍ مِنْ رَجَبٍ، وَلَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ

 

Artosipun: Wes nyampek berita marang kito kabeh, dipun dawuhaken: Sektemene dungo iku bakal dikabulne ono ing 5 malam; malam jumat, malam hari raya idul Adha, malam hari raya Idul Fitri, malam awal wulan Rajab lan malam nisfu Sya’ban.
 

Kedah kito mangertosi bilih wulan Rajab meniko katah peristiwa agung, ing antaranipun; Sayyid Abdulloh lan Sayyidah ‘Aminah kromo lajeng ngandut janin sayidul mursalin, nggih meniko Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Lajeng wulan Rajab puniko terjadi Isra’ Mi’raj ingkang dumawah wonten malam 27 Rajab. Setunggalipun malem ingkang Kanjeng Nabi nampi kemulyaan paling ageng ingkang nate dipun paringaken Allah dateng kawulonipun.

 

Maasyiral Muslimin Rahimakumullah
Wonten lebetipun wulan Rajab, monggo kito sami ngatahaken amal kesaenan soho taat. Ing antawis ipun ngathahaken siyam, sinaoso tigang dinten kimawon. Sunnah ngathahaken siyam lan penggawe toat wonten wulan Rajab niku kados dipun sunnahaken wonten tigang wulan haram lintunipun.
 

Pancen mboten wonten hadits shahih ingkang secara khusus mbahas kesunahanipun siyam Rajab. Semunu ugo mboten wonten larangan siyam wonten wulan Rajab. Poro ulomo ngagem dalil umum anjuran siyam sunah kecuali gangsal dinten engkang dipun haromaken. Ugi dalil-dalil umum anjuran siyam wonten sekawan wulan-wulan haram. Dalil-dalil meniko sampun cekap kadamel pijakan sunahipun siyam wonten wulan Rajab. Wonten Shahih Muslim dipun sebataken (hadits no. 1960):

 

عن عُثْمَانَ بْنِ حَكِيمٍ الْأَنْصَارِيِّ قَالَ: سَأَلْتُ سَعِيدَ بْنَ جُبَيْرٍ عَنْ صَوْمِ رَجَبَ وَنَحْنُ يَوْمَئِذٍ فِي رَجَبَ فَقَالَ سَمِعْتُ ابْنَ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا يَقُولُ كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَصُومُ حَتَّى نَقُولَ لَا يُفْطِرُ وَيُفْطِرُ حَتَّى نَقُولَ لَا يَصُومُ.

 

Artosipun: Saking Utsman bin Hakim Al-Anshari, piyambakipun dawuh: aku nyuwun pirso Sa’id bin Jubair babakan poso Rojab, lan waktu iku kito wonten wulan Rojab. Lajeng panjenenganipun jawab: aku wes mireng Ibnu Abbas ngendiko: Rasululloh saw nate poso hinggo kito ngucap panjenenganipun mboten nate mokel lan panjenenganipun mokel hinggo kito ngucap panjenenganipun mboten nate poso.

 

Mugi-mugi wonten wulan Rajab meniko kitho dipun paring semangat ngelampahi ibadah lan ngatahaken tumindak kesaenan soho ketaatan dateng Allah SWT. Amin.

 

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين. وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ. أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ: وَسَارِعُوْا اِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّموَاتُ وَالْاَرْضُ. أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَ.

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.

 

Khutbah ke II

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْوَاحِدِ الصَّمَدِ. اَلَّذِى لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْ وَلَمْ يَكُنْ لَهُ كُفُوًا أحَدٌ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الْكَرِيْمِ الْمُمَجَّدِ. وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ الَّذِيْنَ شَيَّدُوْا الدَّيْنَ بِعَزْمٍ قَوِيٍّ وَعَزِيْزِ الْمَدَدِ.

 

أمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنفْسِى بِتَقْوَى اللَّهِ بِفِعْلِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَتَرْكِ الْمَنْهِيَّاتِ  وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

 

 اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Editor:

Khutbah Terbaru