• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Sabtu, 27 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Njogo Keluarga saking Geni Neroko

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Njogo Keluarga saking Geni Neroko
Khatib paring wasiat takwo kagem poro jamaah Jumat (Foto:NOJ/karomi)
Khatib paring wasiat takwo kagem poro jamaah Jumat (Foto:NOJ/karomi)

Naskah khutbah meniko mertelaaken pentinge njogo awake dewe lan keluargane saking geni neroko. Monggo naskah meniko saget dipun damel kagem materi khutbah Jumat.

 

Khutbah I:


اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي أَصْلَحَ الضَّمَائِرَ ، وَنَقَّى السَّرَائِرَ ، فَهَدى الْقَلْبَ الْحَائِرَ اِلَى طَرِيْقِ أَوْلَى الْبَصَائِرَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الْعِزَّة وَالْبَصِيْرِ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه نَبِيُّ الْمُصْطَفَى الْفَقِيْر ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحمَّدٍ خَاتَمِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ


 أَمَّا بَعْدُ فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَاعْبُدُوا اللَّهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا ۖ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا وَبِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُورًا 


Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah. 


Wonten kesempatan mulyo meniko, monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah kanti tenanan kelawan ngelampahi perintah lan nebihi sedoyo laranganipun. Amergi penggawe takwo dipun trisnani kaliyan Gusti Allah kados ingkang sampun kaserat wonten surat al-Hujurat ayat 13:


 اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْ


Artosipun: Saktemene paling mulyane siro kabeh mungguhe Gusti Allah iku paling takwo saking siro kabeh.


Ayat meniko ngimutaken dumateng kito sedoyo bilih menungso ingkang nggadah takwo lan taat marang Gusti Allah niku kalebet tiyang ingkang mulyo mungguhe Gusti Allah. Kamulyaan arupi bondo, jabatan, kepinteran niku mboten saget dados ukurane takwo. Amergi takwo niku panggenane wonten ati lan dipun nyataaken kelawan tindak lampah kesaenan, manut marang perintahe Gusti Allah.


Jamaah Jumat Ingkang Bahagio


Salah setunggal tindak lampah ingkang kalebet manut perintahe Gusti Allah nggih meniko njogo awake piyambak lan keluarga saking geni neroko. Usaha niku saget dipun wiwiti saking awake piyambak, garwo, lan anak.


Wonten setunggal firmanipun Gusti Allah dipun ngendikaaken ing surat Tahrim ayat 6:


يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ


Artosipun: Hei wongkang podo iman, jogoen awak siro kabeh lan keluarga siro kabeh saking geni neroko ingkang bahan bakare rupo menungso lan watu. Penjogone iku poro malaikat kang galak lan ora pernah nulayani marang perintahe Gusti Allah, lan podo ngelakoni perkoro ingkang diperintahaken.


Ayat meniko dipun jelasaken ing dalem Tafsir Sa’di, maksud njogo awak piyambak lan keluarga saking geni neroko niku netepi perintahe Gusti Allah, nebihi larangan lan taubat saking perkawis ingkang nyebabaken bendune Gusti Allah. Ugi ndidik anak supados paham akhlaqul karimah, ngajari ilmu agomo, lan mekso supoyo patuh marang perintahe Gusti Allah. Tujuane supados mboten bakal gegampang lan ngeremahaken perintahe Gusti Allah.


Hadirin Ingkang Minulyo


Njogo awak piyambak saking neroko menawi dipun contohaken niku kados njogo keistiqomahan, keajegan anggenipun ibadah lan taat marang Gusti Allah. Mboten bade nulayani perintah, mboten bade maksiat, lan nyekutoaken Gusti Allah. Njogo awak piyambak niki dipun disikaken kranten dados punjer lan contoh kagem garwo lan putro wayahipun. Misal bapake remen poso sunnah, remen ibadah, bakale dipun tiru, dianut kaliyan garwo lan putrane. 


Ayat kasebat ngimutaken kito sedoyo supados estu njogo lan ajeg ngamal kesaenan sakderenge ngandani garwo lan putra wayah. Kito kedah ndandani kelakuan kito piyambak, lan nyontohi lelampahan sae tur migunani kagem keluarga, syukur-syukur tetonggo lan masyarakat ing kiwo tengen nderek kesaenan ingkang kito lampahi.


Saklajenge niku, putro wayah kedah kito ajari babakan agomo, kados ilmu tauhid bab ngaweruhi sifat Gusti Allah, ilmu fikih bab sesuci, sholat, ilmu akhlak lan sak pitunggalane ingkang nuduhaken pentinge sesrawungan kaliyan tiyang lintu.


Pramilo, monggo kito sami njogo awak lan keluarga kito saking geni neroko kelawan ajeg penggawe taat, takwo marang Gusti Allah. Mboten bade nulayani babar sepisan amergi ajrih lan isin marang Gusti Allah. Saking takwa meniko, mugi-mugi putro wayah kito sedoyo saget niru lan neladani kesaenan ingkang sampun kito lampahi, sehinggo selamet saking geni neroko. Amiin.


أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ  وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ . بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكمُ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيُم


Khutbah II:


اَلحَمْدُ لِلّهِ الوَاحِدِ القَهَّارِ، الرَحِيْمِ الغَفَّارِ، أَحْمَدُهُ تَعَالَى عَلَى فَضْلِهِ المِدْرَارِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمِهِ الغِزَارِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ العَزِيْزُ الجَبَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُصْطَفَى المُخْتَار، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ الطَيِّبِيْنَ الأَطْهَار، وَإِخْوَنِهِ الأَبْرَارِ، وَأَصْحَابُهُ الأَخْيَارِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ مَا تُعَاقِبُ اللَيْلَ وَالنَّهَار


 أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 


اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor:

Khutbah Terbaru