Ahmad Karomi
Penulis
Naskah khutbah Jumat meniko mertelaaken njogo kerukunan lan paseduluran supados saget nebihi perkawis ingkang nyebabaken perpecahan. Nopo maleh sakmantune pilihan presiden. Monggo naskah meniko saget dipun damel materi khutbah Jumat.
Khutbah I:
اَلْحَمْدُ للهِ حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِي لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِك. سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِك. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُه. خَيْرَ نَبِيٍّ أَرْسَلَه. أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرْاً وَنَذِيْراً. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَاماً دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Maasyiral Muslimn Rahimakumullah
Monggo kito sami ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Takwo meniko kedah dipun genggem ngantos kito pejah. Gusti Allah dawuh wonten surat Ali Imran, 102:
يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Artosipun: Hei wongkang podo iman, takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kanti saktemene takwo, lan ojo mati kejobo netepi Islam.
Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi ingkang sampun paring kito tupo tulodo, lan contoh akhlak mulyo, supados kito saget merkoleh gesang ingkang manfaat wonten dunyo dumugi akherat.
Rukun lan njogo paseduluran sejatine kalebet tindak lampah ingkang dipun contohaken lan wasiat saking Kanjeng Nabi. Amergi kito sedoyo gesang wonten dunyo niki sering serawungan kalih sinten kimawon, mulai tetonggo, sederek, tiyang sepah ngantos tiyang lintu ingkang agomone bedo. Kanjeng Nabi dawuh ing setunggale hadits:
أَوْحَى اللهُ إِلَى إِبْرَاهِيْمَ يَا إِبْرَاهِيْمُ حَسِّنْ خُلُقَكَ وَلَوْ مَعَ الْكُفَّارِ تَدْخُلْ مَدَاخِلَ الْأَبْرَارِ
Artosipun: Gusti Allah paring wahyu marang Nabi Ibrahim: Agaweyo bagus (apik) siro senajan marang wong kafir, mongko siro bakal mlebu suwargo panggonane wong-wong apik (HR. Tabrani)
Tegese Nabi Ibrahim dipun perintah Gusti Allah supados rukun kalih sinten kimawon ngantos ngapiki tiyang lintu ingkang agomone bedo kaliyan Nabi Ibrahim, sebab njogo kerukunan arupi kelakuan apik niku sami kaliyan njogo kerukunan lan paseduluran.
Hadirin Ingkang Sami Minulyo
Njogo kerukunan niku dados setunggale pondasi penting kagem sinten kimawon, kranten perpecahan gampang dipun adu domba, dipun fitnah lan ujung-ujunge musuh-musuhan. Ampun ngantos kito ngino, misuhi umat lintu. Gusti Allah sampun ngimutaken:
وَلَا تَسُبُّوا الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَيَسُبُّوا اللّٰهَ عَدْوًاۢ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ
Artosipun: Lan ojo podo misuhi sesembahane wong kang nyembah sakliyane Gusti Allah, krono wong kasebat bakal misuhi ganti kanti tenanan kelawan tanpo ngerti (QS al-An’am [6]: 108).
Tafsir Sa’di mertelaaken bilih misuhi sesembahan lintune Gusti Allah niku sejatine mboten dipun larang, ananging menawi penggawe misuh niku nyebabaken umat lintune mbales misuh marang agomo kito, lan marang Gusti Allah, mongko langkung sae penggawe misuh niku kedah dipun tebihi.
Nopo maleh kito sedoyo umat Islam wonten negoro Indonesia ingkang umate majemuk, tetanggan lan serawungan kaliyan umat lintu. Langkung sae ampun ngantos misuh, ngino lan nyiderani umat lintu. Pramilo, antawisipun perkawis ingkang kedah dipun utamakan nggih meniko njogo kerukunan lan toleransi.
Hadirin Jamaah Jumat Ingkang Bahagio
Pentinge njogo kerukunan marang sinten kimawon termasuk marang umat lintu niku saget dipun wastani toleransi. Toleransi tegese nggadah tepo seliro, njogo kelakuan lan ucapan olo supados mboten ngelarani umat lintu, nopo maleh mekso.
Gusti Allah sampun paring penjelasan dumateng Kanjeng Nabi bilih mboten sedoyo menungso saget diajak iman marang Gusti Allah lan nderek agomo Islam. Gusti Allah dawuh:
لَا إِكْرَاهَ فِي الدِّينِ ۖ قَد تَّبَيَّنَ الرُّشْدُ مِنَ الْغَيِّ ۚ فَمَن يَكْفُرْ بِالطَّاغُوتِ وَيُؤْمِن بِاللَّهِ فَقَدِ اسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقَىٰ لَا انفِصَامَ لَهَا ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Artosipun: Ora ono tindak laku mekso ingdalem agomo Islam, saktemene wis jelas dalan ingkang bener adoh saking dalan sesat, sopo wonge ngufuri berholo lan iman marang Gusti Allah, mongko wis cecekelan kelawan tampar kang seret ora bakal udar, saktemen Gusti Allah iku mireng tur ngaweruhi (Al-Baqarah, 256)
Tafsir Jalalain mertelaaken, ayat meniko mandap kaitane kaliyan setunggale sahabat saking kalangan Ansor ingkang nggadah putro mboten purun iman marang Gusti Allah. Sahabat meniko mekso putrane supados mlebet Islam, akhire ayat meniko mandap ngimutaken bilih Islam niku mboten bade mekso umat lintu supados mlebet Islam.
Pramilo, saking meniko monggo kito sami njagi kerukunan kaliyan sederek lan umat lintu, ampun ngantos kito misuh, nyiderani sederek piyambak lan tiyang lintu ingkang mboten sami akidahe, mboten mekso umat lintu. Sinaoso mekaten kito kedah njagi toleransi secukupe, mboten malah toleransi kebablasan, misale tumut ibadah wonten gerejo, kuil. Malah niku mboten pareng mungguh syariat Islam. Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan pitulung saking Gusti Allah saget njogo kerukunan. Amin
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
Khutbah II:
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ
أَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰ لِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ
Terpopuler
1
Innalillahi, KH M Syafi’ Misbah Pengasuh Pesantren Al Hidayah Tanggulangin Sidoarjo Wafat di Makkah
2
Amalan-amalan Sunnah Hari Tasyrik, di Antaranya Makan dan Minum
3
MI Aswaja Besole Tulungagung Juara Favorit Festival Balon Udara
4
Hukum Shalat Makmum di Depan Imam, Sahkah?
5
PCINU Rusia dan Lazawa Darul Hikam Sinergi Adakan Kurban di Moskow-Kazan
6
LAZISNU Nganjuk Tebar Manfaat Kurban pada 1.100 Penerima
Terkini
Lihat Semua