• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Sabtu, 27 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dakwah Kelawan Sifat Lemah Lembut

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dakwah Kelawan Sifat Lemah Lembut
Jamaah mirengaken khutbah saking khatib (Foto:NOJ/rri)
Jamaah mirengaken khutbah saking khatib (Foto:NOJ/rri)

Naskah khutbah meniko mertelaaken dakwah kelawan sifat alus lan lemah lembut, mboten kasar, mboten grusah-grusuh. Monggo menawi materi khutbah meniko saget dipun damel kagem khutbah jumat.

Khutbah I:


الحمدُ لله حمدًا كثيرًا طيبًا مُبارَكًا فيه كما يُحبُّ ربُّنا ويرضَى، وأشهدُ أن لا إله إلا الله وحدَه لا شريكَ لَهُ عَظِيمٌ في رُبُوبيَّته وَاُلُوْهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكيمٌ في مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ


امَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا الله حقَّ التقوَى، وَقَالَ تَعاَلَى: وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ


Ma’asyiral Muslimin Rohimakumullah


Monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah wonten ing panggenan pundi kimawon, sepi utawi rame, susah utawi bungah, kranten saking takwo kito saget pikantuk pengapuro lan ridone Gusti Allah. Ugi, ampun kesupen ngucap syukur dumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kito nikmat kados dene arupi kesehatan, kesarasan lan kabegjan.


Sholawat salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluarga, lan poro sohabatipun ingkang sampun paring pituduh lan piwulang babakan agomo, sehinggo kito termasuk umat Islam ingkang pikantuk kabegjan. Milo, panguripan ing dunyo ingkang sekedap meniko kito gunaaken kanti sae. Sebab Gusti Allah dawuh:


وَمَا هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَهْوٌ وَلَعِبٌ  وَإِنَّ الدَّارَ الْآخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ 


Artosipun: Ora ono panguripan ing dunyo kejobo guyon lan dolanan. Lan saktemene akhirat iku sejatine panguripan, lamun siro kabeh podo ngerti (Al-Ankabut, 64)


Ayat meniko negesaken bilih urip ing dunyo niki namung mampir ngombe, mampir sekedap, ameng-amengan, mboten langgeng, lan ngimutaken bilih akhirat niku ingkang dados panguripan lan panggenan sejati. Ngoten niku kagem tiyang ingkang mangertos lan paham kaliyan sejatine urip.


Poro Hadirin Rahimakumullah


Sampun kito mangertosi saking dawuh kasebat bilih kito ampun nggadahi sifat teledor, mbuang wektu, ngremehaken lan ngelarani marang liyan, sinaoso tiyang niku bodoh. Kito kedah nyontoh salah setunggale sifat lan karakter Kanjeng Nabi Muhammad nggih puniko sifat welas, lemah lembut dumateng sinten kimawon.


Dipun riwayataken dining sahabat Abu Hurairah bilih setunggal wekdal Kanjeng Nabi Muhammad nembe lenggah sareng poro sohabatipun, lajeng wonten tiyang badui mlebet:


قَامَ أَعْرَابِيٌّ فَبَالَ فِي الْمَسْجِدِ فَتَنَاوَلَهُ النَّاسُ فَقَالَ لَهُمْ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ دَعُوهُ وَهَرِيقُوا عَلَى بَوْلِهِ سَجْلًا مِنْ مَاءٍ أَوْ ذَنُوبًا مِنْ مَاءٍ فَإِنَّمَا بُعِثْتُمْ مُيَسِّرِينَ وَلَمْ تُبْعَثُوا مُعَسِّرِينَ


Artosipun: Wonten setunggale tiyang saking suku badui mlebet masjid, lajeng pipis wonten lebet masjid. Ningali kahanan meniko poro sohabat kraos kesel lan duko dumateng tiyang kasebat kanti ucapan ingkang keras. Ananging Kanjeng Nabi  dawuh: ninggalo siro kabeh lan nyiramo siro kabeh marang uyuhe badui saking banyu timbo, sebab siro kabeh diperintah ngajar/ dakwah kanti gampang, ora nyusahno. (HR. Bukhari)


Wonten syarah hadis dipun jelasaken Kanjeng Nabi ngelarang poro sohabat, malah perintah ngejaraken tiyang badui supados ngerampungaken hajatipun niku tujuane lit ta’lim, nyinaui marang poro sohabat nalikane ngemong umat, amergi poro sohabat niku diperintah ngajari umat kanti gampang, mboten malah mbentak, lan ngangelno. 


Kanjeng Nabi akhire manggihi tiyang badui kolowau kanti welas, mboten duko lan mboten maidu. Kanjeng Nabi Muhammad paring nasehat kanti lemah lembut: Saktemene masjid iki ora pantes digawe mbuang barang najis, masjid dibangun dadi panggonan dzikir marang Gusti Allah, shalat, lan maca Al Qur’an.


Ningali sikape Rasulullah ingkang lembut lan alus ingdalem pitutur lan nasehat, tiyang badui kolo wau langsung trisno lan manut marang dawuhe Kanjeng Nabi Muhammad, lan mboten mbantah babar pisan.


Hadirin Jamaah Jumat Ingkang Bahagio


Mundut saking kisah meniko jelas sanget bilih sifat  lemah lembut ingkang dipun contohaken Kanjeng Nabi Muhammad niku dados sifat lan sikap ingkang kedah kita lampahi. Sampun leres tumrape muslim pepahesan kaliyan sifat ingkang mulio meniko, sebab sifat lembut meniko kalebet sifat-sifat ingkang dicintai dening Allah.


Pramilo, Kanjeng Nabi Muhammad nate dawuh dumateng ‘Aisyah:


إِنَّ اللَّهَ رَفِيقٌ يُحِبُّ الرِّفْقَ فِي الأَمْرِ كُلِّهِ


Artosipun: Saktemene Gusti Allah inggih iku Dzat Moho Lembut ingkang demen marang  kelembutan ingdalem sedoyo perkawis.


Mugi-mugi kito sedoyo termasuk tiyang ingkang nggadah sifat lan sikap lemah lembut dumateng tiyang lintu, sehinggo saget dakwah kanti sifat alus lan gampang dipun tompo masyarakat. Amin ya rabb alamin


أعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ ، ادْعُ إِلِى سَبِيلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُم بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ
 

بَارَكَ اللهُ لَنَا وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِاْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


Khutbah II:


الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ، أَمَّا بَعْدُ؛ مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا، وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى ، يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا


اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ


اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ، اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


 عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ


Editor:

Khutbah Terbaru