• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Selasa, 16 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kanjeng Nabi Mboten Nate KDRT

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kanjeng Nabi Mboten Nate KDRT
Khatib paring wasiyat takwa dumateng jamaah Jumat ing masjid Tribakti (Foto:NOJ/karomi)
Khatib paring wasiyat takwa dumateng jamaah Jumat ing masjid Tribakti (Foto:NOJ/karomi)

Materi khutbah meniko mertelaaken kados pundi Kanjeng Nabi Muhammad sesrawungan kaliyan garwone kanti welas asih, trisno lan sayang.


Katah sanget pituduh ingkang sampun dipun paringaken kagem umat Islam kados pundi sesrawungan kaliyan garwo, kados dene sering ngelem, lan mboten KDRT.


Monggo materi khutbah Jumat saget dipun download saperlu kagem khutbah Jumat.

 

Khutbah I:


أَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ جَعَلَ الْأَمْرَ بِالْمَعْرُوْفِ وَ النَّهْيَ عَنِ الْمُنْكَرِ مِنْ أُصُوْلِ الدِّيْنِ وَ أَكَّدَهُمَا بِقَوْلِهِ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ أَعُوْذُ بِالله مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ وَلْتَكُنْ مِنْكُمْ أُمَّةٌ يَدْعُونَ إِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَأُولَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلّاَ الله أَلْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ صَادِقُ الْوَعْدِ الْأَمِيْن وَ الصَّلَاةُ وَ السَّلَامُ عَلَى سَيَّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ 


 أما بعد أَيُّهَا الْحَاضِرِيْنَ اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قال الله تعالى في القران الكريم : يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ . وَاعْلَمُوْا اَنَّ النِّكَاحَ سُنَّةٌ مِنْ سُنَنِ رَسُوْلِ اللهِ. وَاَنَّ السَّعَادَةِ فِيْهِ مَرْجُوَّةٌ. قاَلَ اللهُ تَعَالىَ فىِ كِتَابِهِ اْلكَرِيْمِ : وَمِنْ اَيَاتِهِ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِتَسْكُنُوْا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَّرَحْمَةً, اِنَّ فىِ ذَلِكَ لَاَيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُوْنَ


Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Monggo kito sami takwa dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Shalawat serto salam mugi keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad soho keluarga lan sahabatipun ingkang dipun gambaraken kados dene lintang lan rembulan.


Kedah kito mangertosi bilih Kanjeng Nabi Muhammad paring tupo tulodo dumateng kito sedoyo supados nindaaken kesaenan arupi mbentuk keluargo sakinah,rukun, lan dados pengadem penggalih. Gusti Allah sampun dawuh:

 

وَٱلَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَٰجِنَا وَذُرِّيَّٰتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَٱجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا  


Artosipun: Lan wong-wong podo ngucap, Duh Gusti, kulo aturi panjenengan paring kito jodoh lan tedak turun ingkang dados pengadem penggalih kito, lan dadosaken kito sedoyo pengarepe tiyang-tiyang ingkang takwo (QS al-Furqan: 74).


Ayat meniko mertelaaken bilih menungso sami ngajeng-ngajeng jejodohan ingkang sae lan pikantuk tedak turun ingkang saget dados bebungah ingdalem babakan ngibadah dumateng Gusti Allah. Pramilo ing akhiripun ayat dipun sebataken, supados didadosaken pengarepe tiyang ingkang takwo, yakni dados panutan.


Ma’asyiral Muslimin, Rahimakumullah

Katah sanget tiyang ingkang kejlumprung lan rusak jejodohanipun amergi mboten dipun pageri kaliyan takwo. Padahal takwo meniko minongko pondasi mbangun keluargo ingkang begjo lan sentuso.


Tegese, takwo ingdalem bab jejodohan niku nalikane tiyang sampun nggadah keluargo, kedah ngatonaken raos sayang, trisno, ngajak ngelampahi ibadah marang Gusti Allah, lan mboten bade tinggal perintah agomo, mboten gampang emosi lan moro tangan (KDRT). Kranten katah sanget kasus pasangan suami-istri gegeran ngantos KDRT, ngantem pasanganipun.


Padahal sejatine jejodohan niku kados ingkang dipun dawuhaken Gusti Allah:


يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا  


Artosipun: Hei poro menungso, podo wediyo siro kabeh marang Gusti Allah ingkang ndadeaken siro saking awak-awakan siji (Adam), lan Gusti Allah ndadeaken pasangan / jodoh saking awak-awakan siji (Adam). (QS An-Nisa: 1). 


Lajeng dipun tegesaken wonten Surat al-A’raf, 129:


  هُوَ ٱلَّذِی خَلَقَكُم مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّجَعَلَ مِنۡهَا زَوْجَهَا   


​​​​​​​Artosipun: Gusti Allah ingkang ndadeaken siro kabeh saking awak-awakan siji (Adam), lan saking piyambake, Gusti Allah ndadeaken jodoh (QS Al-A'raf: 129).


Ibnu Asyur wonten kitab tafsir Tahrir wa Tanwir mertelaaken ayat kasebat dados tetenger bilih nalikane tiyang jaler lan istri nikah, mongko kekalihipun sami-sami kedah njagi ketentreman, saling ngimutaken, tulung tinulung, lan welas asih antawis kekalihipun.


Hadirin Ingkang Sami Minulyo

​​​​​​​Jejodohan ingkang ngersaaken ngeranggih keluargo sakinah niku kedah nggadah tekad kuat. Kados pundi kekalihe naliko ngadepi cubo, ujian. Menawi dipun lampahi kanti takwo dumateng Gusti Allah, mongko bakal diparingi gangsar lan gampil nuntasaken masalah.


​​​​​​​Pramilo kito tiyang jaler kedah nyontoh kados pundi carane Kanjeng Nabi nyerawungi garwone. Carane saget dipun tingali wonten teks-teks hadis, ing antawisipun:


​​​​​​​Sepindah, seserawungan kanti alus. Mundut saking riwayat Sayyidah Aisyah ingkang dawuhaken:


عَنْ عَائِشَةَ، قَالَتْ: مَا ضَرَبَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ خَادِمًا وَلَا امْرَأَةً قَطُّ
 

Artosipun: Dipun riwayataken saking Aisyah, penjenenganipun ngendiko: Rasulullah mboten nate mukul khadim lan garwone babar pisan. (HR. Sunan Abi Dawud)


Hadis meniko pertelo sanget bilih Kanjeng Nabi Muhammad niku piyantun ingkang alus, sopan, lan mulyaaken dateng juru laden (khadim) lan garwone. Kanjeng Nabi mboten nate mbentak, nopo maleh moro tangan (KDRT).


​​​​​​​Lajeng ongko kalih, Kanjeng Nabi ngelem utowo muji garwone kanti kasih sayang.


فَضْلُ عَائِشَةَ عَلَى النِّسَاءِ، كَفَضْلِ الثَّرِيدِ عَلَى سَائِرِ الطَّعَامِ


​​​​​​​Artosipun: Kautamaane Aisyah ingatase sedoyo tiyang estri niku kados kautamaane tsarid (roti ingkang wonten daginge) ingatase sekabehane panganan (HR.Bukhari)


​​​​​​​Pramilo, jejodohan meniko dipun ibarataken ageman kados dene Gusti Allah sampun. dawuh:


هُنَّ لِبَاسٌ لَّكُمْ وَاَنْتُمْ لِبَاسٌ لَّهُنَّ


​​​​​​​Artosipun: ...Tiyang istri niku minongko dados ageman kanggo siro kabeh, dan siro kabeh minongko dados agemane tiyang istri…" (QS Al-Baqarah: 187).


Saking pepertelan kasebat, saget dipun pundut pelajaran kagem kito sedoyo supados pengertian, mboten gampang nesu, mbentak, moro tangan (KDRT) dumateng garwo. Kito kedah nyontoh kados pundi Kanjeng Nabi paring pituduh mbangun keluargo ingkang rukun, guyub, mesra.


​​​​​​​Sedoyo niku saget dipun wiwiti saking njagi raos trisno, welas asih lan takwo dumateng Gusti Allah. Ananging menawi garwo kito mbangkang, mboten manut dateng aturan agomo, mongko dikandani kanti sae.


​​​​​​​Mugi-mugi kito sedoyo saget dados keluarga ingkang sae, sesrawungan kanti guyub, trisno kaliyan garwone, mboten gampang uring-uringan lan ngeranggih dados keluarga sakinah ingkang dados contoh kagem tedak turun kito sedoyo. Amiin 


اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ  الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا وَهُوَ الْعَزِيزُ الْغَفُورُ


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


Khutbah II:


اَلْحَمْدُ  لِلَّهِ حَمْدًا  كَثِيْرًا  كَمَا  أَمَرْ.  أَشْهَدُ  أَنْ  لاَ  إِلَهَ  إِلاَّ  اللهُ  وَحْدَهُ  لاَ  شَرِيْكَ  لَهُ إِرْغَاماً  لِمَنْ  جَحَدَ  بِهِ  وَكَفَرْ.  وَأَشْهَدُ  أَنَّ  سَيِّدَنَا  مُحَمَّداً  عَبْدُهُ  وَرَسُوْلُهُ  سَيِّدُ  الخَلاَئِقِ  وَالْبَشَرْ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين


 أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ


 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ


عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 


Editor:

Khutbah Terbaru