• logo nu online jatim
Home Metropolis Malang Raya Madura Tapal Kuda Kediri Raya Matraman Pantura Khutbah Keislaman Tokoh Rehat Jujugan Nusiana Opini Pendidikan Pemerintahan Parlemen Pustaka Video Risalah Redaksi NU Online Network
Sabtu, 27 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nyontohi Kesaenan Marang Putro Wayah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nyontohi Kesaenan Marang Putro Wayah
Khutbah Jumat bahasa Jawa, tigo perkoro ingkang saget mili ganjarane (Foto:NOJ/Flickr)
Khutbah Jumat bahasa Jawa, tigo perkoro ingkang saget mili ganjarane (Foto:NOJ/Flickr)

Khutbah I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي امْتَنَّ عَلَى الْعِبَادِ بِأَنْ يَجْعَلَ فِي كُلِّ زَمَانِ فَتْرَةٍ مِنَ الرُّسُلِ بَقَايَا مِنْ أَهْلِ الْعِلْمِ، يَدْعُونَ مَنْ ضَلَّ إِلَى الْهُدَى، وَيَصْبِرُونَ مِنْهُمْ عَلَى الأَذَى، وَيُحْيُونَ بِكِتَابِ اللَّهِ أَهْلَ الْعَمَى، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا،

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِىي وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى:أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . وَمَنْ أَحْسَنُ قَوْلاً مّمّن دَعَآ إِلَى اللّهِ وَعَمِلَ صَالِحاً وَقَالَ إِنّنِي مِنَ الْمُسْلِمِينَ

 

Maasyiral Muslimin Rahimakumullah
Monggo sami ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo perintahipun lan nebihi awisanipun. Alhamdulillah siang meniko kito tasih diparingi Gusti Allah kesempatan lan kesehatan ngerawuhi shalat Jumat berjamaah. Kerawuhan kito meniko minongko perwujudan takwa dumateng Gusti Allah, ingkang rupi ngelaksanaaken perintah lan nebihi awisanipun. Meniko ingkang saben Jumat terus diimutaken khatib dumateng jamaah shalat Jumat.
 

Kinging punopo khatib ngilingaken takwa dumateng Allah saben khutbah Jumat? Mboten namung minongko rukun khutbah, ananging enten pesen penting ingkang kedah kito perhatosaken. Sami umpami bupati maringi pengumuman niku-niku mawon naliko dinten Senin, berarti wonten maksud ingkang terkandung ing pesen meniko. Sami kaliyan pesen takwa dumateng Gusti Allah.
 

Prinsipe umat Islam dikengken terus-menerus jagi ketakwaan. Takwa teng pundi kemawon; teng pasar, toko, dalan, kantor, sekolahan, pasar, sabin, lan panggonan liyane kedah yakin bilih Allah terus mantau, ngawasi. Yakin bilih Allah terus ngawasi kito, lan umpami niki terus kito jagi, insyaallah kito termasuk hamba ingkang saget dipercoyo.
 

Nyambut gawe mboten perlu diawasi mandor lan ketua, keranten sampun yakin bilih Allah mirsani kito naliko ngelakoni nopo mawon. Nopo malih kito anggadahi pengawas inggih meniko malaikat Raqib lan Atid ingkang pasti nyatet amal kito. Milo monggo terus ningkataken takwallah niku.

 

Hadirin Jamaah Jumat ingkang Minulyo
Kito kedah yakin bilih mangke menawi sampun pejah, mboten wonten ingkang kito andalaken kecuali namung tigo hal. Rasulullah SAW nate dawuh teng hadits ingkang diriwayatkan Abu Hurairah 

 

إِذَا مَاتَ ابْنُ آدَمَ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلا مِنْ ثَلاثٍ : صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ ، أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ ، أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ 

Artosipun: Nalikane menungso kapundut nyowone, mongko amale keputus kecuali tigo hal; shadaqah jariyah, ilmu ingkang manfaat, lan anak saleh ingkang dungaaken tiyang sepahipun
.

Ing kesempatan ingkang singkat meniko kaulo namung ngimutaken awak piyambak lan jamaah ingkang berbahagia kangge narbiyah, nggulowentah putro-putri kito mangke saghet dados tabungan kebagusan naliko kito sampun pejah. Milo monggo anak keturunan kito ingkang sampun Allah paringaken dumateng kito estu-estu dijagi lan dididik. 
 

Hadirin Rahimakumullah
Jaman sakmangke saget dipun wastani jaman edan, jaman tiyang soyo tebih saking nilai-nilai agomo. Misale, tiyang-tiyang teng negara maju katah ingkang males dan mboten purun anggadahi anak, keranten biaya teng meriko awis sanget. Malah trend niki sampun menjangkit negoro kito kelawan gerakan childfree, artosipun nikah tapi menunda anggadahi putro keranten biaya urip teng kota besar ageng sanget.
 

Kito ingkang sampun diparingi anak, menantu lan putu monggo didadosaken kesempatan meniko kangge tabungan kebagusan. Milo monggo ajari anak-anak kito kelawan kebagusan ugi purun dungaaken tiyang sepahipun mangke menawi sampun sedho. 
 

Carane inggih kedah ngajari dungo, ngejak anak lan putu kito teng kuburan maos surat Yasin utawi tahlil. Kito kenalaken sinten mawon teng kuburan niku, nopo bapak, ibu kito, guru, ulama, tokoh masyarakat lan lintunipun. Sakderenge mlebut kuburan kito maos salam dateng ahli kubur. Kito sebutaken bapak, ibu, lan sederek kito ingkang sampun sumareh kersane anak lan putu kito semerap.

 

Jamaah ingkang Dirahmati Allah
Kito kadang ngarep-ngarep kebagusan, anaging kirang merhatosaken kados pundi nyontoni anak-anak kito. Bapak lan ibune ora tahu teng kuburan, tapi kok kepingin didungaaken anake. Tiyang sepahe jarang mimpin tahlil, tapi kepingin didungaaken kelawan tahlil. Kito kedah imut pepatah Arab: Contoh arupi perbuatan meniko langkung sae tinimbang namung perkataan.
 

Kito usahaken mboten sering nyontohi main hape lan ningali tivi tapi kedah nyontohi soho ngengken anak shalat, ngaji, sinau pelajaran. Setunggale contoh sae nggih maringi contoh anak-anak kito naliko mantun magrib ngaji, insyaallah mangke anak kito mikir: La iyo, bapak lan ibuku sregep, tak niru ah. Semanten ugi menawi kito maringi conto mboten sae, ampun nyalahaken anak menawi akhlakipun kurang pinuji.
 

Terakhir, wonten cerita. Setunggal tempo wonten tiyang tamu sowan dateng Syaikhona Kholil Bangkalan. Sambat keranten putrane seneng nedo gendis (gulo). Diparingi pengertosan, ugi diajar tetep mawon mboten purun ngilangaken kebiasaan mangan gulo.
 

Semerap ngoten, akhiripun Syaikhona Kholil nyuwun wektu kiro-kiro seminggu kengkeng wangsul malih. Ternyata, naliko sampun balik, kebiasaan anak niku sampun berubah. Keranten penasaran, tamu niki tanglet dateng Syaikhona Kholil: Kinging punopo anak kulo kok saghet berubah, kiai? Jawabane Syaikhona Kholil dadosaken tamu niki isin: Aku wis seminggu gak gawe gulo, ngombe opo wae sing biasane gawe gulo tak inggati ben anakmu iso berubah.

 

Jamaah ingkang Dirahmati Allah
Kisah meniko maringi kito pelajaran ingkang penting. Bilih kito minongko tiyang sepah kedah maringi contoh ingkang sae supadhos anak kito berakhlak sae. Menawi kito kepingin didungaaken anak naliko sampun mati, monggo kito dungoaken tiyang sepah kito. Insyaalah anak kito bade niru ingkang sampun dilampahi tiang sepahipun.​​​​​​​
 

Pramilo mulai sakniki kito kedah ati-ati dados tiyang sepah, kranten sedoyo ingkang kito lampahi bakal dados contohe anak keturunan lan mugi keluarga kito sedoyo termasuk tiyang sae, ingkang mboten namung nyenengno wayah teng alam dunyo, ugi alam akhirat mangke, amin.

 

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

 

Khutbah II

 

اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُثُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ اْلقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَاأَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ، وَقاَلَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: اتَّقِ اللَّهِ حَيْثُمَا كُنْتَ وَأَتْبِعْ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الْكَرِيْمُ وَنَحْنُ عَلَى ذلِكَ مِنَ الشَّاهِدِيْنَ وَالشَّاكِرِيْنَ وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. 

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. 

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Khutbah Terbaru